KATHOK KODHOK
Ponakanku sing cilik dhewe lagi nangis. Tangise ora kaya
biyasane. Iki gawe jengkele ibune sing lagi sibuk nyiapake mulang. Bojone
durung mulih saka nyambut gawe. Dene anak-anake liyane wis padha mlebu neng
kamare dhewe-dhewe, njekut sinau nyiapake ujian komprehensif.
“Kang
Letug, tulung ya, dijaga anakku iki.Dineng-nengi ben orangganggu. Aku jan lagi
buneg tenan lho.” Panjaluke adhiku wadon iki.
“Ya,
dak neng-nengane.” Aku banjur mlaku nyedhaki ponakanku sing umure durung ana
limang taun.
“Udah
yah…Mama sedang sibuk tuh. Kan kasihan kalau adik nangis terus..” Aku omong nganggo
basa Indonesia. Pancen bocah jaman saiki basa jawa sing alus ora padha ngerti.
Mulane ing kulawargane adhiku, basa padinane campur. Malah luwih akeh padha
nganggo basa Indonesia. Rasane lucu yen aku nyoba nganggo basa jawa sing alus.
Bocah-bocahe padha ora seneng. Banjur miwiti nganggo basa Indonesia.
Bocah-bocah uga wis ora nyebut rama utawa ibu marang wong tuwane,
nanging wis migunakake tembung Papa utawa Mama.
“Kenapa
menangis terus Teta? Apa karena dinakali Mama?”
“We…weeee…
Teta mau dibelikan baju baru…we…wee..”
Teta
jenenge ponakanku mau, kepengin ditukokake klambi anyar. Mbok menawa bapak
ibune mung durung sempat wae.
“Besok
Pak Dhe belikan ya…mau enggak?”
Krungu
jawabanku mau, dheweke banjur ketok lega. Ngusap luh neng pipine, senajan ta
isih mimbik-mimbik manja banget.
“Besok
Pak Dhe belikan yang namanya celana kodok ya? Tahu enggak kamu?”
Jawabane ponakanku mung gedhek-gedhek. Ora ngerti apa kuwi
sing jenenge kathok kodhok. Kamangka dhek jaman cilikanku, kathok kodhok kuwi
istimewa banget. Saben bocah yen krungu tembung kathok kodhok bisa banjur senenge
ora mekakat. Kathok kodhok dadi favorite bocah-bocah. Mergane yen dienggo anget
tur ora mlotrak-mlotrok. Aku banjur crita marang ponakanku ngenani kathok kodhok
kuwi.
Sawatara crita bab kathok kodhok, pikiranku kelingan dhek
jaman semana aku duwe kathok kodhok sing anyar. Aku dolanan ingkling karo
kanca-kancaku neng ngomah. Nanging, blaik, ing tengah-tengahe dolanan ingkling,
aku ngebrok (ngising neng kathok). Suara pret….preet…. preeet…. banjur ambune
wah…jan ora karuwan! Kanca-kancaku banjur padha bengok alok: “Oeeee, Letug ngebrok!
Letug ngebrok!” Mboko siji kanca kancaku padha mlayu nyingkiri aku karo nutup irunge.
Aku mung bisa nangis nggugug ditinggal kanca-kancaku. Aku
nangis merga kathok kodhokku sing anyar dadi reged kena abyuran saka wetengku.
Ora let suwe, nanging, sing nyedhaki aku ora liya ya ibuku. Aku ora dinesoni.
Ibuku malah mung gumujeng. Aku banjur dicandhak digawa menyang w Ibuku ora
wegah ngresiki regedanku. Ibuku ora wegah
nyedhaki ambune regedanku. Ibuku ora wegah nyandhak awakku lan nyawiki aku. Ibuku ora duka weruh kathok kodhok anyarku dadi reged. Lan aku banjur meneng anggonku nangis. Aku mandeng ibu sing isih gumujeng lan gawe tentreme atiku.
nyedhaki ambune regedanku. Ibuku ora wegah nyandhak awakku lan nyawiki aku. Ibuku ora duka weruh kathok kodhok anyarku dadi reged. Lan aku banjur meneng anggonku nangis. Aku mandeng ibu sing isih gumujeng lan gawe tentreme atiku.
Kelingan pengalaman mau, aku mung bisa ngguyu dhewe. Kathok
kodhokku sing anyar wis reged lan mambu. Nanging aku bisa nemu gumuyune ibu
sing ora ilang saka rasaku. Yen ing kulawarga isih ana ibu sing bisa gumuyu,
ngresiki reregedaning anak, sepira begjane wong neng alam donya yen akeh sing
isih padha bisa gumuyu uga ngresiki reregeding urip bebrayan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar