Jaka
Tarub
Wonten ing satunggaling dusun, wonten
kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra
kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka
Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati
kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika
dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten.
Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha.
Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika
boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur
kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi
mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten
ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika
Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten
manggih.
Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika
boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih
sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten
angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare
saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing
sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning
tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika
punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika.
Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka
Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten
suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing
sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodar i menika ingkang nembe siram kala
wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah
pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal
lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun
tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari
menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan
kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan
putrid saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah
ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih
kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak
kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin
ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang
dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika
kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados
satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun
tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten
lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi
kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun
klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi
sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih
lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen
kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan
wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang
Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan
manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados
manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara
kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi
Roro Kidul.
Sumber : https://ariskacompnet.wordpress.com/2013/01/17/cerita-rakyat-jawa-tengah-menggunakan-bahasa-jawa/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar