Ringkesan Kapustakan Jawi
v Mahabarata ingkang dipuncariyosaken damelanipun Resi Wiyasa, Jawinipun
Abi Jasa. Punika wosipun nyariosaken lelampahanipun Para Pandawa saha Para
Kurawa.
v Ramayana nyariyosaken damelanipun Begawan Walmiki, menggah ing
panangguh.
Serat-serat Jawi-Kina ingkang golongan sepuh
ingkang kadamel kala atasan taun kepengker.
1)
Serat Canda-Kirana
Isinipun piwulang tembang kaliyan kados dene
Woordenboek, kadanguk cara Hindu ingkan memperipun Serat Jawi yaiku Serat
Dasanama. Mawi nyebut namaning Ratu Crah Sailendra, ingkang ajasa candi
kalasan.
2)
Serat Ramayana
Kadamel kala salebeting
jumeneng Prabu Dyah Balitung, Ratu Binatara ingkang ngawastani tanah Jawa
Tengah saha wetan, akadaton ing Nagari Mataram. Dipuncariyosaken punika
anggelaraken lelampahanipun Prabu Rama, ing Ramayana DJ.K Sansekerta, Sang Sita
sasampunipun kondur dateng Ayodya, lajeng pipisahan kaliyan Sang Rama ing Serat
Ramayana DJ.K Sang Sita lajeng kempal malih kaliyan Sang Rama.
Kajawi punika Ramayana DJ.K
bilih katandhing kaliyan Ramayana Walmiki, kalebet cekak sanget, boten ngandar-andar.
Sarta sampun kasumerepan bilih bobonipun Ramayana DJ.K. punika pancen sanes
Ramayana Walmiki. Menggah ungel-ungelanipun makaten “Sang Yogiswara Sista, Sang
Suyana sudha manahira huwus malje sira” tegesipun : Sang pandita saya pinter,
Sang Suyana dadi resik atine yen wis maca layang Ramayana iki.
3)
Sang Hyang Kamahayanikan
Ing wingking salebeting serat
nyebut namanipun Ratu Jawi, Empu Sendok ingkang isinipun, wosipun wulangan bab
agami Budha-Mahayana. Kathah ukaranipun Basa Sansekerta ingkang dipunterangaken
ing Basa Jawa-Kina ingkang kathah mratelakaken raracikaning dewa-dewa ing Agami
Mahayana.
4)
Brahmandapurna
Kenging dipunwastani barakan
kaliyan serat Sang Hyang Kamahayanikan. Namung bedanipun, serat sang hyang
kamahayanikan punika kitabipun tiyang Agami Budha-Mahayana, Serat
Brahmandapurna punika kitabipun tiyang Agami Siwah, kacariyosipun Sang
Romaharsana, kawruh dumadosing donya, kawantenaning alam, sejarahipun para
Daksa andamel wilujengan, katrangan sawatawis bab paperangan bangsa (Brahmana,
Satriya, Wesya, bab asrama (Brahmajari, Grehasta, Wanaprasta, Bhiksuka).
5)
Ayastyaparwa
Dapekanipun memper Serat
Brahmandapurana isinipun yaiku Sang Dredhasyu matur taken dateng ramanipun
Begawan Agastya, bab warni-warni. Ingkang katah ugi memper ingkang dipungelaraken
wonten ing Serat Brahmandapurana, kados ta “punapa sabapipun dene Hyang minggah
Suwarga utawi utawi kecemplung ing Neraka salebetipun jumenengipun Sang Prabu
Dharmangsa – Teguh, Ratu ing tanah Jawa Wetan, punika bab Kapustakan Jawi
mempeng sanget. Serat Mahabarata ingkang dipunjawakaken, mekaten ugi serat
utara kanda.
6)
Uttarakanda
Ing purwakanipun mawi nyebut
namanipun Prabu Dharmawangsa – Teguh. Isinipun yaiku petikan sangking cariyos
Ramayana – Walmiki begawan ingkang pungkasan. Ana kene kacariyosaken :
dumadosipura para danawa, leluhuripun Sang Dasamuka, lahiripun Dasamuka lan
anggenipun Sang Dasamuka clunthangan dateng para dewa tuwin para pandita.
Cariyosipun Arjunasasraban ugi kalebet. Namung wosipun nyariyosaken
lelampahannipun Dewi Sinta. Sasampunipun kondur wonten ing Ngayodya, para
kawula sami kirang seneng manahipun. Prabu Rama mituruti kajengipun rakyat Dewi
Sinta dipegat lajeng katundhung. Kagungan putra kakung kembar, kaparingan nama
Sang Kusa lan Sang Lawa. Radin kalah ingkang dipuncariyosaken kawulang dening
Sang Walmiki anggancaraken lelampahanipun ingkang Rama, Prabu Rama dados
cariyos Ramayana. Sinta dipuntimbali wangsul ana kadaton, konangan Siti, seda,
Prabu Rama ugi lajeng seda ngenes.
7)
Adipurasa
Nyebut namanipun Prabu Dharmawangsa
– Teguh, lampahan Dewi Lara Amis, Bale si Galagala, pejahipun Arimba, peksi
jiwata, pendetan saking serat Adipurwa. Cariyos ngebur saganten presan,
anjalari medalipun toyo panggesangan, saha wiwitipun wonten grahana srengenge,
rembulan dipunteda ing danawa sirah tok.
8)
Sabhaparwa
Basa gancar ana ing cariyos
Mahabarata dados bagejan ingkang angka kalih. Isinipun cariyos ingkang ingkang
dados lampahan Pandawa Dadu.
9)
Wirata Parwa
Gancar ana cerita Mahabarata,
isinipun Para Pandawa andelik ngenger dhateng Ratu Wirata, menawi ngantos
kasumerepan bade kenging ukum bucal malih 12 taun. Salebeting wonten ing Wirata
Sang Yudistira dados tukang masak saha tukang gelut nama Sang Ballawa, Sang
Arjuna dados tiyang wandu nama Sang Wrehannala, damelanipun ngajar njoget saha
tembang, Sang Nakula
10) Kresnaya, Mawi Sekar
Serat punika anyariyosaken
wosipun lelampahanipun Prabu Kresna nalika ambradat Dewi Rukmini. Dewi Rukmini
putranipun Prabu Bismaka ing nagari Kudina, sampun kapajengaken kaliyan Sang
Suniti ratu ing nagari Cedi, nanging ibu yaiku Dewi Pretukirti kepengin
kagungan mantu Prabu Kresna. Sang Suniti kaliyan Sang Dyarasanda, smi dateng
ing Kundina. Prabu Kresna langsung diaturi dateng marang panganten putri,
sareng saweg rame-ramenipun midodareni. Panganten kakung saha bala tuwin Raden
Rukma. Ingkang Rayi penganten putri, sami nututi, perang. Raden Rukma lan Sang
Suniti kirang sekedik kemawon katot pejah. Dewi Rukmini nyuwun gesangipun
ingkang rayi dateng Prabu Kresna, Sang Putri lajeng terus kabekta kondur dateng
nagari Dwarawati. Cariyos wonten ing wayang dados lampahan Kresna-Kembang.
11) Sumansantaka, Mawi Sekar
Serat punika anyariyosaken
wosipun lahiripun Prabu Dasarata ing Ngayodya. Widadari Dewi Harini dipun-utus
Batara Indra supados anggoda Begawan Trenawindu sing lagi tapa. Putranipun
Prabu Karthakesika yaiku Indumati ingkang dados putri ing nagari Widarbha.
Ingkang dados pangganti Prabu Karthakesika yaiku putra ingkang kakung nama
Prabu Bodja. Sang Adja menang sayembara banjur nikah kaliyan Sang Indumati.
Kagungan putra kakung ingkang kaparingan nama Sang Dasarata.
kajupuk saka buku Kapustakan Jawi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar