Pahlawane
Para Manungsa
Dening : Tri Setyoningsih
Tikus mati lenge yen
diibaratake ing wayah kuwi nalika para manungsa ora padha metu saka omahe. Jum’at
sore ngepasi aku bali pramuka udane deres ora terang-terang. Kahanan kuwi nggawe
aku bingung merga yen arep ngoyos rasane eman yen seragame teles. Kanca-kancaku
sing padha nggawa payung wis bisa bali lan sekolahan tansaya sepi. Aku mung
bisa ngalamun shendhenan ing ngarep lawang ruang kelasku. Muga-muga enggal
terang sak durunge maghrib, iku panyuwunan sing dadi pangarep-arep supaya aku
bisa enggal bali.
Sekitar jam lima udane
durung terang, nanging aku kudu bali supaya bapak lan ibu ora bingung. Ngadhepi
adzan maghrib aku lagi tekan kreteg wetan desa lan ing kono dalan wis sepi
banget dadi medeni. Aku mlayu megap-megap karo jindhelen merga kubyur seragam
pramuka lan tas sak isine padha teles kabeh. Pancen abot yen tak rasakake dadi
anak pembarep kuwi. Aku kudu bisa dadi pangayom kanggo kaluwarga lan
adhi-adhiku. Nalika kaluwargaku ngadepi masalah, aku kudu bisa menehi panglipur
dhateng ibu supaya ngolehake kasarasan gesang.
Bapakku jenenge Suyitna
asli saka daerah Wleri, lan Ibuku Murtini uga asli saka daerah nggunung yaiku
Dusun Pejaten Krikil. Saiki aku bareng wong tuwa lan adhi-adhiku manggon ing
Dusun Pejaten Krikil. Aku sekolah ing SMA N 1 Sukorejo wis kelas XI. Adiku telu
lanang siji wadon loro. Adiku lanang sing jenenge Andik namung lulusan SMP
thok. Saiki dadi bocah sing mbangkakake wong tuwa. Aku uga kudu sabar ngadhepi
adhiku kuwi. Merga wis angel dikandhani.
Vina lan Vani adhiku
wadon iku kembar ananging saiki ora bareng sekolahe amarga nunggak kelas. Vina
wis kelas IX SMP lan Vani isih kelas VIII SMP. Kabeh padha sekolah ing SMP N 1
Pageruyung. Ing sawijining dina bapak menehi pitutur marang Andik
“Ndik, saiki rak wis
ora sekolah ta? Karepe bapak ya aja mung runtang-runtung ing omah wae.”
Kandhane bapak alon.
“Iya
pak, pancen aku durung karep kerja.” Mengkono jawabe Andik.
“Nek pancen ngono ya
ora apa-apa. Namung pangarep-arepku marang kowe nang, aja nganti mbesuk dadi
bocah sing ora migunani kanggo awakmu dhewe lan luwih-luwih kanggo wong liya
merga ora nduwe masa depan.
“Porah pak mumpung ijik
nom, aku arep ngrasakake urip bebas lan lumrah kaya bocah liyane.” Andik wiwit
ketara watake.
“Iya nang iya. Apa
ngene wae, saiki kowe tak pondhokake ing Jawa Timur lan ora usah mikir kepriye
butuhanmu mengko tak usahakake tak sediyani saben sewulan sepisan.”
Andik wis rada gelem
mikir merga iming-iming saka bapake. Aku rumangsa anak paling gedhe rasane ora
lila yen bapak janji marang Andik kaya mangkono.
“Pak menapa sampun
dipuntimbang kanthi leres pak janjinipun panjenengan marang Andik?” Mengkono
pitakonku marang bapak nalika lungguhan ing ruang tengah kanthi adhep-adhepan
ngungkurake TV.
“Porah ndhuk, bapak tak
usaha sak kuwate donya iku bisa digoleki sing penting adhimu kae dadi bocah
sing bener. Bapak ora seneng yen Andik gaweyane gitaran ing prapatan bareng
kanca-kancane kuwi wong tuwane ora bisa ndhidhik wae.”
“Nggih sampun menawi makaten
keputusan saking bapak, mugi-mugi tansah dipunridhai dening Gusti Allah Pak.
Amin.” Aku lan Bapak ndonga bareng muga-muga sawise Andik merguru sinau agama
ing Pondok Pesantren Jawa Timur kana sipate dadi luwih apik lan sopan marang
wong tuwa.
Lanang wadon iku pancen
beda. Sak mbeler-mbelere bocah wadon mesthi ora kaya bocah lanang. Vina lan
Vani alhamdulillah manut marang wong tuwa, yen dikandhani uga bisa ditata.
Nanging Vani minangka anak sing metune keri dhewe lan digemateni dening ibu
malah dadi rada nakal. Dheweke uga isih mbok-mboken lan durung gelem mandiri.
Senenge nangis karo guling nalika njaluk duwit ora diwenehi. Andik bisa dadi
bocah sing kaya ngana sipate ya merga kerusak dening kanca-kancane. Kabeh iku
merga srawung lan kumpule marang kanca-kancane saben dina, mula jaman saiki
kudu bener-bener bisa milih kanca sing kena dijak bareng kanggo tumindak becik.
Lumrahe sipate ibu iku nalika
ngadhepi masalah biyasane gampang emosi, nanging ibuku ora mengkono. Dheweke
luwih kerep ngangkluh karo bapak tinimbang melu perkara sing bakal dadi lara
pikir. Bapak lan ibuk padha-padha sabar nalika ngadhepi masalah luwih-luwih
perkara anak. Manungsa namung bisa usaha lan sabar merga dalan urip wis ana
sing ngatur. Saiki kepriye carane usaha kanggo nyenengake wong tuwaku,
sabisa-bisane aku arep nggawe bangga wong tuwaku. Anak ora bakal bisa ngganti
jasane wong tuwa, sing dikarepake namung sipat becike anak marang tuwa lan wong
liyan. Disekolahake supaya bisa ngerti
ilmu pendidikan umum lan mbentuk karakter sing apik saengga bisa
migunani kanggo wong tuwa, agama, lan bangsa.
Telung wulan lawase
Andik ngaji ing Pondhok Jawa Timur. Dheweke sabenere ora krasan nalika ngomong
marang aku. Nanging saiki wis rada sadar lan ngakoni salahe. Saiki uga sregep
sholate lan sopan marang bapak uga ibu. Iku salah siji carane bapak kanggo Andik
supaya bisa ngadohake saka srawungane sing tumindake ora becik.
“Nang kepriye rasane
urip adoh saka wong tuwa?” Pitakone bapak marang Andik
“Hee.., pripun nggih
pak, bingung kados tiyang ical kemawon menawi.” Jawabane Andik sumeh
“Hahaha.., ya ora
apa-apa nang bapakmu iki bisa ngerteni. Ananging rak ya krasan ta?”
“Nggih pak
alhamdulillah.”
“Bapak lan ibu seneng
weruh kowe bisa ngaji saiki, ilat karo kupingmu ya saiki wis bener lumrah kaya
sak mesthine, ora kok di pasangi tindhik kaya wong wadon wae.” Bapak ngajak
Andik gluwehan
“Lhah bapak nggih kados
makaten, hehehee...” Andik gemuyu marang bapake
Kebenaran aku krungu nalika
Andik lan bapak lagi omong-omongan ing ngarep omah kuwi wis krasa anget ing
kuping. Rasane kemrenyes ati iki sing ditambah weruh gemuyune ibu kanggo aku
nandhakake yen dheweke lagi ngrasakake seneng.
Mangkono kuwi mau pungkasane
crita cekak sing bisa tak tulis. Njupuk saka pengalaman ing sekitarku wae ora
adoh-adoh. Arep kaya apa dadine anak iku saka usahane wong tuwa. Sabar lan ikhtiar
sawise usaha dhisik. Aja gampang nyerah marang keadaan urip sing kaya apa wae.
Diibaratake ngopeni wit jagung utawa pari sing ambruk merga kenang angin. Wit jagung
utawa pari iku aja enggal ditugel wae utawa di bedhol, ananging diusahani,
ditirakati kepriye carane supaya bisa tetep urip. Lhah, kuwi gambarane wong
tuwa sing lagi ngopeni anak supaya bisa guna ing uripe. Sawise usaha, sabar lan
ikhtiar yen mengkone anak kuwi dadi bocah sing kaya apa wis kabeh diserahake
marang Gusti Allah amarga wis ana dalane dhewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar