Tampilkan postingan dengan label Kumpulan Cerkak. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Kumpulan Cerkak. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 10 Januari 2015

Cerkak Sing Nggambarake Kahanan Donya



Pahlawane Para Manungsa
Dening : Tri Setyoningsih

Tikus mati lenge yen diibaratake ing wayah kuwi nalika para manungsa ora padha metu saka omahe. Jum’at sore ngepasi aku bali pramuka udane deres ora terang-terang. Kahanan kuwi nggawe aku bingung merga yen arep ngoyos rasane eman yen seragame teles. Kanca-kancaku sing padha nggawa payung wis bisa bali lan sekolahan tansaya sepi. Aku mung bisa ngalamun shendhenan ing ngarep lawang ruang kelasku. Muga-muga enggal terang sak durunge maghrib, iku panyuwunan sing dadi pangarep-arep supaya aku bisa enggal bali.
Sekitar jam lima udane durung terang, nanging aku kudu bali supaya bapak lan ibu ora bingung. Ngadhepi adzan maghrib aku lagi tekan kreteg wetan desa lan ing kono dalan wis sepi banget dadi medeni. Aku mlayu megap-megap karo jindhelen merga kubyur seragam pramuka lan tas sak isine padha teles kabeh. Pancen abot yen tak rasakake dadi anak pembarep kuwi. Aku kudu bisa dadi pangayom kanggo kaluwarga lan adhi-adhiku. Nalika kaluwargaku ngadepi masalah, aku kudu bisa menehi panglipur dhateng ibu supaya ngolehake kasarasan gesang.
Bapakku jenenge Suyitna asli saka daerah Wleri, lan Ibuku Murtini uga asli saka daerah nggunung yaiku Dusun Pejaten Krikil. Saiki aku bareng wong tuwa lan adhi-adhiku manggon ing Dusun Pejaten Krikil. Aku sekolah ing SMA N 1 Sukorejo wis kelas XI. Adiku telu lanang siji wadon loro. Adiku lanang sing jenenge Andik namung lulusan SMP thok. Saiki dadi bocah sing mbangkakake wong tuwa. Aku uga kudu sabar ngadhepi adhiku kuwi. Merga wis angel dikandhani.
Vina lan Vani adhiku wadon iku kembar ananging saiki ora bareng sekolahe amarga nunggak kelas. Vina wis kelas IX SMP lan Vani isih kelas VIII SMP. Kabeh padha sekolah ing SMP N 1 Pageruyung. Ing sawijining dina bapak menehi pitutur marang Andik
“Ndik, saiki rak wis ora sekolah ta? Karepe bapak ya aja mung runtang-runtung ing omah wae.” Kandhane bapak alon.
“Iya pak, pancen aku durung karep kerja.” Mengkono jawabe Andik.
“Nek pancen ngono ya ora apa-apa. Namung pangarep-arepku marang kowe nang, aja nganti mbesuk dadi bocah sing ora migunani kanggo awakmu dhewe lan luwih-luwih kanggo wong liya merga ora nduwe masa depan.
“Porah pak mumpung ijik nom, aku arep ngrasakake urip bebas lan lumrah kaya bocah liyane.” Andik wiwit ketara watake.
“Iya nang iya. Apa ngene wae, saiki kowe tak pondhokake ing Jawa Timur lan ora usah mikir kepriye butuhanmu mengko tak usahakake tak sediyani saben sewulan sepisan.”
Andik wis rada gelem mikir merga iming-iming saka bapake. Aku rumangsa anak paling gedhe rasane ora lila yen bapak janji marang Andik kaya mangkono.
“Pak menapa sampun dipuntimbang kanthi leres pak janjinipun panjenengan marang Andik?” Mengkono pitakonku marang bapak nalika lungguhan ing ruang tengah kanthi adhep-adhepan ngungkurake TV.
“Porah ndhuk, bapak tak usaha sak kuwate donya iku bisa digoleki sing penting adhimu kae dadi bocah sing bener. Bapak ora seneng yen Andik gaweyane gitaran ing prapatan bareng kanca-kancane kuwi wong tuwane ora bisa ndhidhik wae.”
“Nggih sampun menawi makaten keputusan saking bapak, mugi-mugi tansah dipunridhai dening Gusti Allah Pak. Amin.” Aku lan Bapak ndonga bareng muga-muga sawise Andik merguru sinau agama ing Pondok Pesantren Jawa Timur kana sipate dadi luwih apik lan sopan marang wong tuwa.
Lanang wadon iku pancen beda. Sak mbeler-mbelere bocah wadon mesthi ora kaya bocah lanang. Vina lan Vani alhamdulillah manut marang wong tuwa, yen dikandhani uga bisa ditata. Nanging Vani minangka anak sing metune keri dhewe lan digemateni dening ibu malah dadi rada nakal. Dheweke uga isih mbok-mboken lan durung gelem mandiri. Senenge nangis karo guling nalika njaluk duwit ora diwenehi. Andik bisa dadi bocah sing kaya ngana sipate ya merga kerusak dening kanca-kancane. Kabeh iku merga srawung lan kumpule marang kanca-kancane saben dina, mula jaman saiki kudu bener-bener bisa milih kanca sing kena dijak bareng kanggo tumindak becik.
Lumrahe sipate ibu iku nalika ngadhepi masalah biyasane gampang emosi, nanging ibuku ora mengkono. Dheweke luwih kerep ngangkluh karo bapak tinimbang melu perkara sing bakal dadi lara pikir. Bapak lan ibuk padha-padha sabar nalika ngadhepi masalah luwih-luwih perkara anak. Manungsa namung bisa usaha lan sabar merga dalan urip wis ana sing ngatur. Saiki kepriye carane usaha kanggo nyenengake wong tuwaku, sabisa-bisane aku arep nggawe bangga wong tuwaku. Anak ora bakal bisa ngganti jasane wong tuwa, sing dikarepake namung sipat becike anak marang tuwa lan wong liyan. Disekolahake supaya bisa ngerti  ilmu pendidikan umum lan mbentuk karakter sing apik saengga bisa migunani kanggo wong tuwa, agama, lan bangsa.
Telung wulan lawase Andik ngaji ing Pondhok Jawa Timur. Dheweke sabenere ora krasan nalika ngomong marang aku. Nanging saiki wis rada sadar lan ngakoni salahe. Saiki uga sregep sholate lan sopan marang bapak uga ibu. Iku salah siji carane bapak kanggo Andik supaya bisa ngadohake saka srawungane sing tumindake ora becik.
“Nang kepriye rasane urip adoh saka wong tuwa?” Pitakone bapak marang Andik
“Hee.., pripun nggih pak, bingung kados tiyang ical kemawon menawi.” Jawabane Andik sumeh
“Hahaha.., ya ora apa-apa nang bapakmu iki bisa ngerteni. Ananging rak ya krasan ta?”
“Nggih pak alhamdulillah.”
“Bapak lan ibu seneng weruh kowe bisa ngaji saiki, ilat karo kupingmu ya saiki wis bener lumrah kaya sak mesthine, ora kok di pasangi tindhik kaya wong wadon wae.” Bapak ngajak Andik gluwehan
“Lhah bapak nggih kados makaten, hehehee...” Andik gemuyu marang bapake
Kebenaran aku krungu nalika Andik lan bapak lagi omong-omongan ing ngarep omah kuwi wis krasa anget ing kuping. Rasane kemrenyes ati iki sing ditambah weruh gemuyune ibu kanggo aku nandhakake yen dheweke lagi ngrasakake seneng.
Mangkono kuwi mau pungkasane crita cekak sing bisa tak tulis. Njupuk saka pengalaman ing sekitarku wae ora adoh-adoh. Arep kaya apa dadine anak iku saka usahane wong tuwa. Sabar lan ikhtiar sawise usaha dhisik. Aja gampang nyerah marang keadaan urip sing kaya apa wae. Diibaratake ngopeni wit jagung utawa pari sing ambruk merga kenang angin. Wit jagung utawa pari iku aja enggal ditugel wae utawa di bedhol, ananging diusahani, ditirakati kepriye carane supaya bisa tetep urip. Lhah, kuwi gambarane wong tuwa sing lagi ngopeni anak supaya bisa guna ing uripe. Sawise usaha, sabar lan ikhtiar yen mengkone anak kuwi dadi bocah sing kaya apa wis kabeh diserahake marang Gusti Allah amarga wis ana dalane dhewe.



Rabu, 07 Januari 2015

Crita Wayang



SENGKUNI NGAWE KURAWA

Sri Nata Ngastina Prabu Kurupati sawise ndhawuhake timbalan, ngranggoni sabda pandhita ratu. Ngendikan sapisan dadi, lir mangsi tumameng dlancang seta, tan kena lumebek. Lah ing ngriku arsa kondur angedhaton. Tedhak saking dhampar kencana, jlog, kadya panganten binayangkare. Ginarebeg sakathing biyada manggung miwah bedhaya, palara-lara kang ngampil upacara nata, kehe udakra rong lajur sisih. Tekan jroning kedhaton, sigra nyarekake busana kanarendran. Ngrasuk busana kapandhitan. Sang Nata nuli munggah ing sanggar palanggatan, muja semedi.
Kacarita kang ana pagelaran jaba. Patih Sengkuni ngawe para Kurawa. Kang digawe gage nyaket. Pating bedhigas, pating regidug. Solah bawane warna-warna. Dhasar Kurawa, tan nate mersudi tata krami, mung tansah diuja, diugung sakarsa-karsa, mula patrape ora pantes tinuladha. Ana ing pangarsane Patih sengkuni, pating cruwet bethet sewu muni bareng. Pating creblung saur manuk pitako nan kabare ing pasowanan.
“Pripun kabare pasowanan niku wau, Man? Kula adoh saking ngarsane Kaka Prabu, boten mireng napa dhawuhe. Mila kula nungsum kabar,” ature Radn Dursasana kang nyatriya ing Banjarjunggut.
“Ingkang putra Kartamarma nugsum warta.”
“Ingkang putra Citrasi, eh Citraksi dhing, nungsum werti.”
“Durmagati nggih boten ketinggalan, pripun kabare pasowanan niku wau, Pak Cilik Sengkuni?”
“Anak-anaku Kurawa, kabeh wae, ora tak wiji-wiji. Pahda menenga sawetara. Tak jarwani ya Ngger, wigatining pasowanan iki mau.”
“Inggih, inggih, inggih!” Kurawa saur manuk.
“Pasowanan iki mau, Anak Prabu Kurupati ora ngrembug bab tata ingering kaprajan. Kang dadi rembug, mung perkara pribagi, anggone nedya palakrama klawan Putri Mandaraka Dewi Sutikunthi. Dumadakan Raden Rukmrata sowan, ngaturake panyuwune bakal panganten putri. Besuk dhauping panganten, nyuwun dipaesi Permadi. Kalamun ora disaguhi trima wurung dhaup. Wasana Angger Prabu Kurupati bakal tumbul budhal marang negara Mandraka. Aku kang pinitaya munggah ing Wukir Retawu, sowan Sang Begawan Abiyasa, nyuwun ngampil Raden Permadi kinarya minangkani panyuwune bakal panganten putri. Mula kowe kabeh, enggala tata-tata. Separo Kurawa ndherek ngombyongi tindake rakamu Prabu Kurupati, dene kang separo tunggu negara. Gage samektakna titahane panganten, jempana joli jolang crupung sapanunggalane. Uga rata kencana titihane Angger Prabu Kurupati.
“Inggih , sendika.”
Sawise kabeh samekta, Patih Sengkuni budhal marang Wuring Retawu, didherekake sawatara Kurawa.
Sinigeg kang lagya lumaksana. Kang kinarya sambunging crita, ing negara Ngawangga, Prabu Karnamandra ya Kala Karna sineba ingkang rayi kekasih Raden Mandrakusuma, Patih Mandrakutu, Emban Kidangganti, para nararya, miwah wadyabala.
Prabu Kamamandra lagi ketaman lara wuyung. Wondene putri kang digandrungi ora ana liya kejaba putri Mandraraka Dewi Surtikunthi.
“Dewaji, kula aturi emut. Punika wonten madyaning pasewakan, “ature Togog.
“Inggih, Dewaji, kula aturi emut,” ature Bilung.
Mul/War, Mekar Sari – Kedaulatan Rakyat

Sumber : Modul Bahasa Jawa kelas XII SMA/MA

Jumat, 26 Desember 2014

Cerita Wayang Ramayana Kanthi Lakon Sinta Kandhusta



Cerita Wayang Ramayana : Sintha Kandhusta


Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari. Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.

Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama. Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan.   Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.

Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu  bisa sempurna.  Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga. Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.

Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha,  Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi. Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi  Raja maneh ing Guwakiskendha.

Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo  ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake. Akhire, kedadean perang gedhe  Pancawati mungsuh karo Nglengka.

Wadya balane Ngalengka  wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati  Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan   Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.

Cerita Wayang Ramayana Kanthi Lakon Anoman



ANOMAN DHUTA


Dewi shinta wis kalakon diboyong dening Rahwana  ya Dasamuka kang lunyu ilate  menyang Keraton Ngalengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing Taman Keputren.  Sang Dewi ora gelem mangan lan ora gelem ngombe, mulane badane kuru aking. Rambute kang dawa katon kaya gimbal amarga suwe ora adus. Kabeh iku katindakake supaya Rahwana ora kayungyung maneh marang Sang Dewi. Lunga menyang ngendi wae, Dewi Shinta tansah nyangking cundrik utawa keris cilik kanggo njaga kaslametane. Sawektu-wektu Rahwana Diraja nggandho ati lan teka arep ngrudhapeksa, Shinta bakal mati suduk salira utawa bunuh dhiri.

Ing Taman mau, Dewi Trijatha kang bisa ngarih-arih lan nglelipur Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kuwi putra atmajane Gunawan Wibisana. Gunawan Wibisana iku adhine Dasamuka. Dadi Dewi Trijatha isih ponakane Rahwana. Dewi Trijatha arupa ayu lan alus bebudene., ora kaya buta Ngalengka. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta wis mati suduk salira.

Dewi Trijatha kasil ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora suduk salira. Dewi Shinta nalangsa banget uripe ing tangane mungsuh. Kanthi anane Trijatha, Shinta dadi jembar segarane.

Kacrita, Sri Ramawijaya, yaiku garwane Dewi Shinta kasil dadi ratu lan angratoni bangsane kethek wanara, ya saka keraton kethek Guwa Kiskendha andhahane lan wadya balane Sugriwa. Salah sijine dina, Ramawijaya saperlu golek sisik  melik ngenani kaanane Dewi Shinta. Kang diutus utawa dadi dhuta yaiku Kethek Putih kang aran Anoman.

Anoman wis dadi dhuta utusane Ramawijaya, mula banjur njujug menyang Taman Keputren. Ing kono Anoman bisa nemoni Dewi Shinta lan Dewi Trijatha, malah bisa ngaturake ali-aline Sri Rama menyang Dewi Shinta. Sawise oleh sisik melik lan kaanan liyane, Anoman ya Kethek Putih banjur bali. Nanging nalika arep pamit bali, konangan para prajurit Alengkadiraja. Lan dirangket nuli disowanake marang Prabu Rahwana. Dening Rahwana, Anoman kapatrapan paukuman yaiku bakal diobong ing alon-alon Ngalengka.

Kacarita, Kethek Putih ya Anoman nglakoni paukuman. Nanging sanajan diobong, Anoman ora bisa kobong amarga sekti mandraguna lan malah mencolot sandhuwuring kraton. Omah, bangunan liyane, lan wit-witan kang diencoki Anoman kabeh kobong. Keraton Ngalengka sing maune apik, asri saiki dadi  segara geni. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake para prajurit supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman kasil lolos lan wis bisa ketemu maneh atur palapuran marang Prabu Rama.

(Pustaka Candra, Edisi 8 tahun 1985 kanthi kabesut)


Sumber : Modul Pembelajaran Bahasa Jawa SMP/MTs kelas VII