Jumat, 02 Januari 2015

Geguritan Katresnan



GEGANTHILANING ATI
Dening : Isna

Ngger anakku...
Sira kabeh anakku  catur
Awakmu kabeh tansah kumanthil kanthi ing netrane sibu
Tansah dadi geganthilaning ati
Le ... ndhuk... anakku sing tansah dadi sinambating tyas
Rina wengi rama lan ibu tansah andedonga
Dadya sira kabeh manungsa utama
Sholeh sholehah migunani tumraping nusa bangsa
Nok cah ayu memanising ati bapa
Nang cah bagus pengarep-arepe biyung
Ngger anakku kabeh,
Padha mangertia apa kang dadi gegadhanganing wong tuwa
Dudu emas raja brana kang kasuwung minangka pisungsung
Uga dudu raja kaya bandha kang dadi piwales sira ing tembe
Mung siji kang tansah rama lan ibu arep-arep
Dadya manungsa kang utama kang miguna marang sapepadha
Anakku kabeh sing dadi geganthilaning ati
Pancen dudu bandha sing bisa kaparingake
Mung ilmu kang bisa dakwenehake minangka sangu donga pangestune rama lan ibu tansah kasok marang sliramu
Muga kabeh slamet kalis ing sambikala
Tansah mukti wibawa sadawaning urip ira.
Kendal, 11 April 2011
Kanthi sih tresnaning tyas mami


Sumber : Pembelajaran Bahasa Jawa SMP/MTs kelas VII


Tidak ada komentar:

Posting Komentar