Jumat, 02 Januari 2015

Cerita Legenda



CERITA LEGENDA ASAL-USUL KUTHA WELERI

Miturut cerita gethok tular Nyai Damariyah utawa Sripandan iku wanita kang ayu lan alus budine. Nyai Damariyah kang ayu lan alus budine iki misuwur nganti tekan ngendi-endi saengga ndadekake akeh priya kang gandrung marang dheweke. Kang gandrung marang Nyai Damariyah iku kalebu pandhereke Pangeran Sambong utawa Tumenggung Prawita  Setya, petinggi Mataram.
Priya loro pandhereke Pangeran Sambong kang gandrung marang Nyai Damariyah yaiku Bagus Wuragil lan Denawa. Ing batine Nyai Damariyah bingung sapa  sejatine kang kudu dipilih saka priya loro mau. Saking bingunge Nyai Damariyah nyuwun pirsa marang Nyai Wungu, Nyai Wungu dhawuh supaya Nyai Damariyah sowan menyang Ki Sidomukti.
Ki Sidomukti prihatin marang perkarane Nyai Damariyah. Prentahe Ki Sidomukti supaya Nyai Damariyah mesusi beras  ing kali. Banyu pesusen sing jenenge leri iku supaya diturut tekan ngendi enteke. Ing entek-entekane banyu leri mau Nyai Damariyah bakal bisa urip anteng, tentrem lan ayem tanpa ana  sing ngreridhu maneh. Banyu leri mau mandheg ing sangisore wit pandan lan ing sacedhake wit pandan mau ana wit lo. Ing papan kanggo mandhege banyu leri mau diarani we leri, suwe-suwenepanggonan kang aran Weleri iku owah dadi Weleri. Wit lo anggone wong nyebut wit cangkring. Suwe-suwe panggonan wit cangkring mau kasebut jeneng dadi Penyangkringan.
Ing pungkasane cerita Nyai Damariyah utawa Nyai Pandansari urip tentrem tanpa ana kang ngreridhu, dheweke dadi wong kang sekti mandraguna. Nganti saiki panggonan mandhege leri lan anane wit cangkringn tetep misuwur kanthi jeneng Weleri lan Penyangkringan. Nganti saiki masyarakat Weleri percaya yen kutha Weleri duwe danyang kang jenenge Nyai Pandansari.

Sumber : Modul Pembelajaran Bahasa Jawa SMP/MTs kelas VII

Tidak ada komentar:

Posting Komentar