Jumat, 02 Januari 2015

Materi SMP



WARA-WARA

Wara-wara utawa ing basa Indonesia diarani pengumuman yaiku sawijining informasi utawa pawarta kang disiarake sarana lisan utawa tulisan kang duwe ancas/tujuan menehi ngerti marang wong akeh. Basa kang digunakake ing wara-wara prayogane komunikatif yaiku gampang dimangerteni dening wong kang nyemak utawa maca. Ukara ing wara-wara aja nggladrah, nanging becike cekak aos.
Tuladha

WARA-WARA
            Kanggo para siswa SMP Negeri 1 Pageruyung kang ndherek ekstra kurikuler karawitan, gladhen karawitan kang biasane katindakake saben dina Rebo, wiwit wulan September semester ganjil taun ajaran 2012/2013, ekstra kurikuler karawitan katindakake ing dina Setu, jam 15.30 WIB.
Nuwun.
Pageruyung, 1 September 2012
Pembina Ekstra kurikuler Karawitan

Wahyu Wijanarko, S.Pd.

IKLAN
Iklan yaiku wara-wara kang isine nawakake barang utawa jasa marang konsumen utawa masyarakat.
Syarat kanggo gawe iklan kang becik yaiku :
1.      Ora kena ngrungokake produsen liya.
2.      Basane komunikatif
3.      Dikantheni gambar
4.      Narik kawigetan

Tuladha
LOWONGAN

Dealer Resmi Otomotif Jawa Tengah & D I Y mbutuhake Tenaga Profesional ing babagan :
1.      Wasis dol tinuku
2.      Wasis ngladeni Konsumen
Kanthi syarat antarane :
a.       Priya / wanita
b.      Pendhidhikan paling cendhek Diploma 3
c.       Jujur, ulet lan saguh kentheng makarya
d.      Pengalaman ing babagan suku cadhang otomotif
e.       Saguh ditugasake ing kutha liya
f.       Duwe SIM A lan C
g.      Saguh ngladheni kanthi ikhlas marang wong tuku (konsumen)

Lamaran dikirim menyang alamat :
PO.BOX 7062 / HS
Paling telat rong minggu sawise iklan iki

 Sumber : Modul Pembelajaran Bahasa Jawa SMP/MTs kelas VII

Tidak ada komentar:

Posting Komentar