Analisi
Unen-unen
Dening : Tri Setyoningsih
1. Adigang,
adigung, adiguna
Nalika
dadi wong sing diwenehi kaluwihan kayata Kyai nduweni kekuwatan lair lan batine
kanggo nambani wong lara, nalika dadi wong sing lagi nduweni pangkat utawa
kaluhuran kayata lurah, DPR, jendral, lan sapiturute, mangka aja digunakake
kanggo sombong, nalika dadi wong sing dianggep pinter lan nduwe kaluwihan
tinimbang wong liyane, aja digunakake kepinteran kuwi kanggo tumindak sing ora
becik. Kabeh kaluwihan iku titipan saka Gusti Allah, mula digunakake kanggo
tumindak sing becik supaya ngolehake ridhane Gusti.
2. Ajining
dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana
Wong
bakal diajeni wong liya nalika dheweke bisa njaga ucapane, apa sing diucapake
iku bisa dibuktekake kabenerane lan ora nglarani atine wong liya. Kayata
ngapusi, seneng ngrasani wong liya iku ora becik. Uga wong iku bisane diajeni
merga saka tatanan ragane sing dibungkus nganggo sandhangane, nalika dheweke
nganggo sandhangan sing pantes, lan sopan iku ngregani marang awake dhewe.
3. Becik
ketitik, ala ketara
Unen-unen
iki njlentrehake tumindake wong yen becik iku bakal dimangerteni karo wong
liya, samana uga nalika dheweke nglakoni tumindak sing ala, iku ora bakal bisa
diumpetake. Wong nulungi wong liya, karo wong sing ngrugekake wong liya kayata
nyolong. Kabeh iku bakal dititeni utawa dimangerteni lan diilingi ndhi tumindak
sing becik lan tumindak ala.
4. Keplok
ora tombok
Wong
sing senengane maido, nanging ora gelem melu cawe-cawe. Kayata maido
panggaweyane liyannaliko angggone nyambut gawe kasile durung biso koyo opo sing
dikarepake, mongko dheweke namung nyalahake lan nyeneni thok.ora gelem melu
ngrewangi supaya kaasile dadi bener lan apik.
5. Baladewa
ilang gapite
Sak
gagah-gagahe wong, sak suguh-sugihe wong yen kaluhurane wis ilang, mangka wis
ora diajeni wong liya merga dianggep ora migunani. Arti sing sugih, nggantheng,
gagah, ananging naliko dheweke kena kasus sing ora sepele kayata korupsi, kasus
narkoba, pornografi, lan sapiturute, mangka langsung wae anggepane soko
masyarakat dadi elek.
6. Anak
obsh bapak kepradah
Tingkah
lakune anak iku dadi tanggungane wong tuwa. Tumindak ala utawa becik kang dadi
tindak tanduke anak, mangka wong tuwa melu ngrasakake. Yen ala mangka bakal
disalahake, nanging yen tumindake becik uga bakal melu disanjung. Nalika anake
nduwe prestasi ing sekolah, mangka jenenge wong tuwa dadi wangi, Semana uga
nalika anake nggawe salah mbuh ana ing desa, sekolahan, lan ndhi waepanggonane,
mangka jenenge wong tuwa katut ala ing lingkungan masyarakate.
7. Ana
catur mungkur
Wong
sing ora seneng maksiat. Nalika ana omongan utawa rembugakan sing kirane ora
perklu dirungokake, mongko mending ditinggal. Kayata ngrasani tanggane yen
kira-kira iku bakal dadi masalah, yo aja disrawungi. Merga iku perkara ora
becik.
8. Alon-alon
waton kelakon
Anggone
nglakoni tumindak apa wae, supaya bisa lancar iku ora perlu kesusu utawa grusah
grusuh. Alon-alon wae, sabar, tlaten, lan sing penting dilakoni terus mangka
bakal rampung ugo kelakon kanti apik, bener, lan nyenengake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar