SENGKUNI
NGAWE KURAWA
Sri Nata
Ngastina Prabu Kurupati sawise ndhawuhake timbalan, ngranggoni sabda pandhita
ratu. Ngendikan sapisan dadi, lir mangsi tumameng dlancang seta, tan kena
lumebek. Lah ing ngriku arsa kondur angedhaton. Tedhak saking dhampar kencana,
jlog, kadya panganten binayangkare. Ginarebeg sakathing biyada manggung miwah
bedhaya, palara-lara kang ngampil upacara nata, kehe udakra rong lajur sisih.
Tekan jroning kedhaton, sigra nyarekake busana kanarendran. Ngrasuk busana
kapandhitan. Sang Nata nuli munggah ing sanggar palanggatan, muja semedi.
Kacarita kang
ana pagelaran jaba. Patih Sengkuni ngawe para Kurawa. Kang digawe gage nyaket.
Pating bedhigas, pating regidug. Solah bawane warna-warna. Dhasar Kurawa, tan
nate mersudi tata krami, mung tansah diuja, diugung sakarsa-karsa, mula patrape
ora pantes tinuladha. Ana ing pangarsane Patih sengkuni, pating cruwet bethet
sewu muni bareng. Pating creblung saur manuk pitako nan kabare ing pasowanan.
“Pripun kabare
pasowanan niku wau, Man? Kula adoh saking ngarsane Kaka Prabu, boten mireng
napa dhawuhe. Mila kula nungsum kabar,” ature Radn Dursasana kang nyatriya ing
Banjarjunggut.
“Ingkang putra
Kartamarma nugsum warta.”
“Ingkang putra
Citrasi, eh Citraksi dhing, nungsum werti.”
“Durmagati nggih
boten ketinggalan, pripun kabare pasowanan niku wau, Pak Cilik Sengkuni?”
“Anak-anaku
Kurawa, kabeh wae, ora tak wiji-wiji. Pahda menenga sawetara. Tak jarwani ya
Ngger, wigatining pasowanan iki mau.”
“Inggih, inggih,
inggih!” Kurawa saur manuk.
“Pasowanan iki
mau, Anak Prabu Kurupati ora ngrembug bab tata ingering kaprajan. Kang dadi
rembug, mung perkara pribagi, anggone nedya palakrama klawan Putri Mandaraka
Dewi Sutikunthi. Dumadakan Raden Rukmrata sowan, ngaturake panyuwune bakal
panganten putri. Besuk dhauping panganten, nyuwun dipaesi Permadi. Kalamun ora
disaguhi trima wurung dhaup. Wasana Angger Prabu Kurupati bakal tumbul budhal
marang negara Mandraka. Aku kang pinitaya munggah ing Wukir Retawu, sowan Sang
Begawan Abiyasa, nyuwun ngampil Raden Permadi kinarya minangkani panyuwune
bakal panganten putri. Mula kowe kabeh, enggala tata-tata. Separo Kurawa
ndherek ngombyongi tindake rakamu Prabu Kurupati, dene kang separo tunggu
negara. Gage samektakna titahane panganten, jempana joli jolang crupung
sapanunggalane. Uga rata kencana titihane Angger Prabu Kurupati.
“Inggih ,
sendika.”
Sawise kabeh
samekta, Patih Sengkuni budhal marang Wuring Retawu, didherekake sawatara
Kurawa.
Sinigeg kang
lagya lumaksana. Kang kinarya sambunging crita, ing negara Ngawangga, Prabu
Karnamandra ya Kala Karna sineba ingkang rayi kekasih Raden Mandrakusuma, Patih
Mandrakutu, Emban Kidangganti, para nararya, miwah wadyabala.
Prabu Kamamandra
lagi ketaman lara wuyung. Wondene putri kang digandrungi ora ana liya kejaba
putri Mandraraka Dewi Surtikunthi.
“Dewaji, kula
aturi emut. Punika wonten madyaning pasewakan, “ature Togog.
“Inggih, Dewaji,
kula aturi emut,” ature Bilung.
Mul/War, Mekar Sari – Kedaulatan
Rakyat
Sumber : Modul Bahasa
Jawa kelas XII SMA/MA
Tidak ada komentar:
Posting Komentar