Katrangan Drama
Drama
inggih punika karya sastra ingkang ngandharaken carios lewat wawan pangandikan
utawi dhiyalog antawis para paraaganipun. Wawan pangandikan (dhiyalog) wonten
salebetipun drama saged awuujud basa gancaran (prosa) punapa dene awujud
geguritan. Kados dene genre fiksi sanesipun, drama ugi wonten ingkang dipun
wastani drama drama panjang tuwin drama cekak.
Drama Panjang
limrahipun saking tiga utawu gangsal babak, ngemot carios ingkang panjang,
ingkang baken inggih punika: - pambuka/pangenalan
- dredah/konflik
- klimaks
- ngandharaken
perkawis
- panutup
Drama Cekak namung kebangun
saking satunggal babak kemawon, pramila asring dipunwastani drama satunggal
babak. Ing satungggal babak kalawau ‘struktur’ carios salabeting urutan
dipunrampungaken pindah. Sanesipun perang miturut panjang cekakipun drama,
tksis wonten perangansanes saking drama, kdosta drama ingkangawujud komedi,
tragedi, ttragedi-komedi, tuwin melodrama. Senadyan mboten sedaya,
kathah-kaathahipun naskah dipun perang wonten salebetipun babak. Mwnawi
dipungatosaken anggenipun merang kalawau, wonten sesambetanipun kaliyan
pegelaran naskah kasebat. Ing ngnndhap punika, wonten saperangan istilah ingkang asring dipun ginakken wonten
drama, kadosta:
a.
paraga: 1) protagonis : parag ingkang nggadhahi watak becik (mboten sedaya
carios drama paraga utamanipun paraga protagonis)
2) antagonis : paraga ingkang
nggadhahi watak ala
3) tritagonis : paraga panengah
antawis protagonis kaliyan antagonis utawi saged dipunwastani parag pembantu
4) figuran :
paraga geganep
b.
Sutradara : ingkang mimpin
lampahipun drama
c.
Asisten sutradara : pambiyntu sutradara
d.
Stage manager : pengawasipun
panggung
e.
Skenario : naskahipun
f.
Roll ; gulungan
naskah
g. Adegan :
bageyan saking babak ingkang watesipun katemtokaken dening obah-owahipun
prastawa ingkang magepokaken dumugi tuwin kesahipun para praga ing nginggil
panggung
h. Plot/alur :
rerangkenipun carios
i. Mimik :
mobah-mosikipun polatan
j. Dhiyalog :
wicantenanipun para paraga
k. Monolog :
wicaanrenan satunggalipun paraga(ginemaan piyambak)
l. Prolog :
purwakaning drama ( kauninga bilih mboten sedaya naskah nggadhahi prolog)
m. Epilog :
wasananipun drama (limrahipun isi dudutan ngengingi carios ingkang
dipungebyakaaken, kala mangsanipun dipuntambahi weling lan atur panuwun kangge
para pamirsa)
n.Nalog :
wicantenan sategahipun lakon
o. Salilokui :
pangudaros satinggalipun paraga ngengingi pamanggih tuwin kawontenan manahipun
p. Improvisasi :
mobah-mosik dadakan miturut kondhisi lan kahanan
q. Pamirsa :Audience
(ingkang sami nggali)
r. Stage :
panggung
s. Sound :tata
swara
t. Lighting :
tata lampu (pencahayaan)
u. Setting :cara
panatanipun papan kangge nggelar lakon
v. Konflik/dredah :
pasullayan pamanggih satunggalipun paraga kaliyan paraga sanesipun.
w. Aside :bageyan
naskah drama ingkang dipunucapaaken satunggalipun paraga lan tumuju dhateng
para pemirsa (kanthi paangertosan bilih paraga sanes ingkang satunggal panggung mboten mireng).
x. Gesture :
mobah-mosik minangka sasmita
z. Montase :
iguh pratikell anggenipun pranata
-. Overture : musik minangka purwakaning lakon
Sumber
: Modul Bahasa Jawa Kelas XII SMA/MA
Tidak ada komentar:
Posting Komentar