ANOMAN
DHUTA
Dewi shinta wis kalakon
diboyong dening Rahwana ya Dasamuka kang
lunyu ilate menyang Keraton
Ngalengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing Taman Keputren. Sang Dewi ora gelem mangan lan ora gelem
ngombe, mulane badane kuru aking. Rambute kang dawa katon kaya gimbal amarga
suwe ora adus. Kabeh iku katindakake supaya Rahwana ora kayungyung maneh marang Sang Dewi. Lunga menyang ngendi wae, Dewi
Shinta tansah nyangking cundrik utawa
keris cilik kanggo njaga kaslametane. Sawektu-wektu Rahwana Diraja nggandho ati
lan teka arep ngrudhapeksa, Shinta bakal mati
suduk salira utawa bunuh dhiri.
Ing Taman mau, Dewi
Trijatha kang bisa ngarih-arih lan nglelipur Shinta supaya gelem mangan. Dewi
Trijatha kuwi putra atmajane Gunawan
Wibisana. Gunawan Wibisana iku adhine Dasamuka. Dadi Dewi Trijatha isih ponakane
Rahwana. Dewi Trijatha arupa ayu lan alus bebudene., ora kaya buta Ngalengka.
Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta wis mati suduk salira.
Dewi Trijatha kasil
ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora suduk salira. Dewi Shinta nalangsa banget
uripe ing tangane mungsuh. Kanthi anane Trijatha, Shinta dadi jembar segarane.
Kacrita, Sri
Ramawijaya, yaiku garwane Dewi Shinta kasil dadi ratu lan angratoni bangsane kethek wanara, ya saka keraton kethek
Guwa Kiskendha andhahane lan wadya balane Sugriwa. Salah sijine dina,
Ramawijaya saperlu golek sisik melik
ngenani kaanane Dewi Shinta. Kang diutus utawa dadi dhuta yaiku Kethek Putih
kang aran Anoman.
Anoman wis dadi dhuta utusane
Ramawijaya, mula banjur njujug menyang Taman Keputren. Ing kono Anoman bisa
nemoni Dewi Shinta lan Dewi Trijatha, malah bisa ngaturake ali-aline Sri Rama
menyang Dewi Shinta. Sawise oleh sisik melik lan kaanan liyane, Anoman ya
Kethek Putih banjur bali. Nanging nalika arep pamit bali, konangan para
prajurit Alengkadiraja. Lan dirangket nuli disowanake marang Prabu Rahwana.
Dening Rahwana, Anoman kapatrapan paukuman yaiku bakal diobong ing alon-alon
Ngalengka.
Kacarita, Kethek Putih
ya Anoman nglakoni paukuman. Nanging sanajan diobong, Anoman ora bisa kobong
amarga sekti mandraguna lan malah mencolot sandhuwuring kraton. Omah, bangunan
liyane, lan wit-witan kang diencoki Anoman kabeh kobong. Keraton Ngalengka sing
maune apik, asri saiki dadi segara geni.
Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake para prajurit supaya nyekel Anoman. Nanging
Anoman kasil lolos lan wis bisa ketemu maneh atur palapuran marang Prabu Rama.
(Pustaka Candra, Edisi
8 tahun 1985 kanthi kabesut)
Sumber : Modul Pembelajaran Bahasa Jawa
SMP/MTs kelas VII
Tidak ada komentar:
Posting Komentar