Senin, 08 Desember 2014

Cerita Widura, Pandhawa, lan Kurawa


Widura ora kendhat ngupaya bedhamene Pandhawa lan Kurawa
 
Widura ing jagad pedhalangan kondhang kanthi sesebutan Yamawidura. Dheweke iki anake Prabu Kresna Dwipayana/Abiyasa/Wiyasa, raja nagara Astina lan prameswarine Dewi Datri.Arya Widura duwe sisihan sing jenenge Dewi Padmarini, anake Prabu Dipacandra. Kekarone nurunake anak sing jenenge Sanjaya lan Yuyutsuh. Dene sedulur tunggal bapa beda ibu yaiku Drestarastra lan Pandu.Ing cecongkrahan antarane Pandhawa lan Kurawa, rebutan nagara Astina, Widura kanthi kupiyane ngupaya supaya antarane Pandhawa lan Kurawa bisa bedhamen. Widura tansah nandhesake yen Pandhawa lan Kurawa iku isih sedulur lan ora liya anak-anak sedulure. Ing kupiyane iki, Widura dibiyantu Sanjaya.

Widura sabanjure nemoni Begawan Wiyasa, Prabu Matswapati, Resi Bisma, Resi Krepa, Pandhita Durna, Prabu Drupada, Prabu Drestarastra, Sri Kresna, Prabu Yudhistira lan Prabu Suyudana kanggo mujudake bedhamen antarane Pandhawa lan Kurawa. Widura uga sing nulis piagam sing wose masrahake Astina saka Wiyasa/Prabu Kresna Dwipayana matang pamangku krajan, yaiku Prabu Drestarastra, sawise Prabu Pandudewanata mangkat. Bab iki dilakoni Widura kanggo mujudake bedhamen lan nyawijine kabeh kulawarga Astina.

Arya Sakuni, tukang mitenah, lan Karna sing duwe rasa sengit kepati-pati marang Pandhawa kasil merbawani kabeh sikep lan panemune Prabu Duryudana/Droyudana, nanging amarga trampil lan pintere Widura, Pandhawa ngalah lan njaluk marang Kurawa kanthi lantaran Sanjaya yen Pandhawa gelem nampa separo krajan Astina, yaiku Awistala, Wrekastala, Waranawata, Mukandi lan Amasana. Ananging, Prabu Duryudana ora sarujuk lan nulak sikep Pandhawa sing gelem ngalah kasebut. Wiwit kawitane, Kurawa pancen duwe karep kanggo nyirnakake Pandhawa. Ing kedadeyan Krukmandala, Widura nulungi Pandhawa kanthi cara nggawe trowongan saengga Pandhawa bisa kalis saka bebaya kobongan sing digawe dening Kurawa. Kedadeyan iki dicritakake ing lakon Bale Sigala-gala.

Ing kedadeyan toh-tohan dhadhu, lakon Pandhawa Dhadhu, Widura wus ngelingake Yudhistira supaya ora nampa panantange Duryudana, ananging Yudhistira ora nggape, saengga Pandhawa lan Dewi Drupadi kelangan kabeh kaskayane lan diina entek-entekan dening Kurawa lan kudu urip kaningaya mataun-taun. Kanggo nuduhake bektine marang kakange sing wuta, Drestarastra, Widura mrentahake Sanjaya supaya tansah ngantheni, njaga lan ngladeni. Sawise tandha-tandha bakal pecahe perang Baratayuda sansaya cetha, Widura banjur rundhingan kalawan anake, Sanjaya lan Yuyutsuh kanggo nemtokake sikep.

Sawise rundhingan wola-wali, wusana Widura lan anak-anake netepake putusan sing manteb. Lan wusana, Widura lunga ninggalake kedhaton lan mbangun tapa ing satengahing alas. Widura duwe papan dunung ing wewengkon kedhaton Astina sing dumunung ing mburi wewangunan kedhaton, jenenge papan kasebut Pagombakan. Sawise perang Baratayuda rampung, Pandhawa nguwasani krajan Astina lan ngupaya mbangun maneh kabeh tinggalane Kurawa.Pandhawa ngudi wong sing kudu dimulyakake lan antuk pakurmatan tanpa pepindhan amarga kridhane, yaiku Widura, amarga pancen gedhe labuh-labete tumrap Astina lan Pandhawa. Ananging, Pandhawa ora kasil nemokake ana ngendi dununge Widura.

Sawijining dina, nalika Pandhawa kasil nemoni Widura sing nembe mertapa lungguh sendhen mandira (wit gedhe), para Pandhawa banjur ngresiki suket lan tetuwuhan sing ngupengi. Pandhawa nyedhak sedya ngaturake urmat. Yudhistira amarga saking ngurmati marang Widura arep sujud ing dhengkule Widura, ananging diwurungake amarga keprungu swara sing nyegah. Wose, swara sing keprungu iki nerangake yen Widura wus moksa lan butuh disampurnakake wadhage. Para Pandhawa banjur ngrakit pancaka lan nyulet geni kanggo ngobong badan wadhage Widura. Pandhawa kasil nyampurnakake jasade Widura tumuju alam Nirwana kairingan rasa dhuhkita kang temen-temen. Widura duwe watak jujur, adhil, tliti, limpat lan anteng ngadhepi sakehing reridhu lan bebaya ing uripe. Widura nguwasani maneka basa lan tulisan, wegig maca kakawin lan nguwasani isine kitab Wedha. Wandane Widura iku Panukma, Buncit lan Rungsit.



Sumber : 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar