PANDONGAMU
OBOR URIPKU
Dening
: Tri Setyoningsih
Kaluwarga bapak Suyitna
lan ibu Murtini kang manggon ana ing Desa Pejaten Krikil kecamatan Pageryung iku
nduwe anak telu, lanang loro lan wadon siji. Anak lanang sing mbarep jenenge
Achmadi. Saiki dheweke wis misah saka omahku lan manggon ana ing Desa Surokotho
bareng anak bojone. Masku nomer loro
jenenge Dwi Tamto uga uwis misah dewe,
nanging ora adoh saka omahku. Dadi ijik kerep dolan maring omahku kanggo tilik
wong tuaku lan aku. Aku dadi anak bontot wedok dewe pancen nyenengake, rasa
tresnane ketara banget. Mula kadang-kadang mas Dwi sanadyan wis duwe anak bojo,
isih cok meri marang aku.
Sekitar jam telu sore
kang masku Achmadi, karo bojo Lan anak-anake pada mara ing omahku. Aku seneng banget omahku dadi rame
merga ana ponakanku cilik-cilik telu. Kebeh keluargaku lagi pada ngumpul, mula
ing selane guyonan dadi rembugan apik antarane aku, wong tuaku, lan kang mas
mbak ayuku ana ing ruang tengah ngarep tv kae. Sore kuwi kaya-kaya aku lagi
dadi narasumber wae. Kabeh pada nari aku, nakoni kirane bar lulus sekolah arep nglanjutake kuliah ana ngendi. Apa ya
bisa wong tuaku buruh tani arep nguliahake anake, wong masku Achmadi wae kuliah
ning UT merga ibuk ijik kerja. Aku wis ngomong karo bapak lan ibuku sadurunge, yen
aku arep mandek setaun kanggo kerja disik banjur nerusake Kuliah Terbuka (UT) taun
ngarep.
Nalika
ing sekolahku diadakake pendaftaran kuliah nganggo jalur undangan (SNMPTN), aku
nyoba melu ndaftar ning Unnes lan Universitas Sebelas Maret. Wanine melu
ndaftar merga ana kesempatan kanggone keluarga sing kurang mampu men bisa
nerusake kuliah yaiku liwat bantuan beasiswa Bidikmisi. Kancaku ngomongi yen
aku dikon njajal disik.
“Ning kowe melu ndaftar
SNMPTN pora?” pitakone Noviani kanca sak
mejaku.
“Iya Nov, tapi mberuh
lah kayane aku arep kerja ndhisik kok taun iki.” semaurku lirih.
“lha
ngapa ta?, ya dijajal sik aja pesimis ngana muga-muga Bidikmisine lolos kan
tambah kepenak.” celathune Novi menehi semangat kanggo aku.
“hhehe
iya Nov muga-muga wae ya, amin.” aku ngguyu saithik.
Nalika ndaftar kuwi aku
rasane ragu lan ora patia yakin yen bisa ketampa SNMPTN, apa maneh beasiswa
Bidikmisine menawa lolos tenan ya rasane kaya nemu inten. Nanging kabeh ki
berkah pandongane ibuku, bapaku, keluargaku, lan tangga-tanggaku, dadi nambah
ridhane Gusti Allah marang bejo nasibku.
Kira-kira
seminggu sawise rampung ujian, aku milih kerja ing Semarang. Karepe Aku lan ibuku ya arep nggolek rejeki kanggo sangu
kuliah UT taun ngarep. Wengi sak durunge aku magkat kerja, ibuk nanggap aku
karo menehi pitutur,
“Tri kirane opo kowe
arep nerusake kuliah temenan?” pitakonane ibuk.
“Insya
allah buk, pandonganipun nggih.” semaurku marang ibuk.
“Nek
pancen ngana kekarepanmu arep milih kerja ya sing ati-ati ning paran kana kowe
adoh wong tua kudu bisa njaga awa’e dewe, sing dadi cita-citamu luru rejeki
arep digunakake kanggo nuntut ilmu mugaha bisa di ijabahi Gusti Allah.” pituture
ibuk nrenyuhake atiku.
“Matur
nuwun buk, pangestunipun panjenengan”.
“Iya ndhuk, muga-muga SNMPTN lan
Bidikmisine lolos kabeh. Amin.” dongane ibuk kanggo aku
“Inggih ibuk, amin.” aku mesem.
Ora krasa olehku kerja
wis telung minggu. Sing tak rasakake kerja ing loundry iku abot tapi nyenengake
merga akeh kanca sing gemati karo aku. Mlebu jam pitu isuk, bali jam pitu bengi
iku wis dadi kontrak kerjaku. Sekitar jam loro awan aku nampa sms saka Novi,
menehi ngerti yen aku ketampa SNMPTN
jurusan Bahasa Jawa ana ing Unnes. Rasane atiku pancen seneng, tapi aku durung
lega yen beasiswane durung lolos. Menawa aku ora bisa oleh beasiswa Bidikmisi,
apa ya bisa kesempatan kuwi arep tak jukuk.
Telung dina sawise
pengumuman SNMPTN, aku nampa telfon saka ibuk. Dheweke menehi ngerti menawa
wingi lebar kumpulan saka SMA mbahas perpisahan siswa kelas X11 SMA N 1
Sukorejo. Diumumake uga sapa wae siswa-siswa sing ketampa kuliah liwat jalur
SNMPTN wis ditempel ing mading ngarep kantor guru. Alhamdulillah jenengku katut
ketulis ana kana, mula ibuk ngakon aku cepet bali kanggo ngurusi sarat-sarat
Verifikasi lan liya-liyane. Nang selane dina aku ijik ing Semarang, jebul tim
survei Bidikmisi Unnes mara omahku. Sing ana ngomah namung bapak dewe, merga
ibuk lagi ngaji. Seminggu sawise krungu kabar kabeh mau, banjur aku bali. Nanging
sandhanganku ijik ing Semarang, merga bosku durung ngijinake aku metu kerja.
Sewulan persis nggone
aku kerja. Nalika nampa bayaran aku pamit sisan yen wis ora bisa nerusake
kerjane merga arep ngurusi pendaftaran kuliah. Bola-bali aku mbukaki internet
kanggo niliki pengumuman-pengumuman sing wis dikirim saka Unnes. Tirakatku karo
wong tuaku anggone ngarepake nasib mujur iku pancen temenanan. Dongane saben
dina ora liya kanggo aku supaya bisa nerusake kuliah. Noviani sing ketampa ing
Undip uga ngana. Perjuangan bareng antarane aku karo Novi wiwit kelas siji SMA
nganti lulus arep mlebu kuliah bareng.
Kurang luwih sewulan
sawise pengumuman SNMPTN, lagi wae diumumake ngenani masalah beasiswa
Bidikmisi. Sekitar jam sanga isuk aku ngampiri Novi kanggo niliki hasil
pengumumane. Aku salaman njaluk donga bapak, ibuk, kang mas, mbak ayuku, simbahku,
tekan tangga-tanggaku barang tak jaluki donga kabeh. Aku mangkat karo nangis,
wedi yen ora ketampa. Tekan omahe Novi jam sepuluh isuk, mangkat niliki
penguman jam siji awan. Aku sholat dzuhur disik, ndonga marang Gusti Allah
muga-muga apa sing dadi kekarepanku lan pandongane keluargaku bisa dikabulake.
Ora nyangka ora nyana
Noviani wis lolos intuk beasiswa Bidikmisi S1 ing Undip jurusan Sastra Inggris.
Aku tansaya deg-degan banget. Tangan sikilku ngringet anyes njejes. Raiku pucet
kaya ora ana getih lan dayane. Wis aku pasrah wae, apa hasile bakal tak tampa.
Alhamdulilah mripat iki dadi jembar nalika Novi mbukakae pengumumanku “Selamat
saudari Tri Setyoningsih anda mendapatkan beasisiwa Bidikmisi S1 di Unnes”. Aku
takon karo Novi ora kurang saka ping telu merga rasane kaya ngimpi.
“Nov apa tenan aku
lolos Bidikmisine?” pitakonku kanggo Novi
“Iya Ning, lha iki jal
delok dewe.” semaure Novi karo ndelokake komputer
“Ahh njajal baleni
maneh Nov, kadang mau salah ndelok.” pitakonku ragu
“Ora kok, wong mau pancen
jenengmu ta.” Novi semaur rada sengit
“Hi’ah opo tenan ya
Nov, yen sing dimaksud iku jenengku.”
Rasane pancen durung
percaya, nanging ngerti kabar kui mau aku kepengin cepet bali ngomah ketemu
bapak lan ibuk. Alhamdulillah ya Allah berkah donga wong tuaku, keluargaku, lan
tangga-tanggaku, aku dadi bisa nerusake kuliah. Aku percaya ora ana kekuatan
sing bisa nandingi ampuhe donga, luwih-luwih dongane wong tua kanggo anake. Wis
ta dongane bapak ibuk kuwi sing paling mustajab. Aja seneng nyepelekake wong
tua. Apa wae sing dadi pitutur larangan, utawa dongane, bakal di ijabahi denig
Gusti. Kaya lagune Rhoma Irama “ridho ilahi karena ridhonya”, iku bener-bener
nyata.
Saiki aku lega, wong
tuaku lan keluargaku pada melu seneng kabeh aku bisa kuliah. Alahamdulillah ya
Allah sampun maringi pituduh kangge gesang kula kaliyan sedaya kaluwarga
ingkang gumebyar kados obor. Nalika aku susah nggone sinau mula ora klalen
njaluk dongane wong tua. Nalika arep ujian, supaya diwenehi gampang lan kasile
apik aja klalen yen dongane wong tua iku ngetutake. Winganane kang masku
Achmadi nalika melu lomba karaoke makili guru-guru saka pirang-pirang desa,
merga aku lan ibuku melu nonton lan ndongakake alhamdulillah bisa intuk juara
siji.
Aku percaya yen padange
dalan uripe anak iku saka pandongane wong tua. Apa wae sing dadi alangan anak,
bakal digampangake dalane saka Gusti Allah merga dongane wong tua. Matur nuwun
bapak, ibuk, kang mas, mbak ayuku, lan kabeh kaluargaku, ana kene aku sinau
mula njaluk pangestune supaya diwenehi gampang lan lancar nganti aku bisa lulus
S1 dadi guru Bahasa Jawa lulusan Unnes kanthi IP apik lan ilmune bisa migunani
kanggo liyane.
Lakuku
sing peteng bisa dadi padang, dalanku sing angel bisa dadi gampang, pituduhmu
nggawe aku dadi ora kesasar merga nuruti dalan kabecikanmu. Matur nuwun bapak
ibuk sing wis dadi obor kanggo uripku, muga-muga anak wadonmu iki bisa dadi
wong sing migunani kanggo agama, negara, lan kaluarga. Amin. Dongamu obor
uripku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar