SESORAH
Sesorah
(pidato) yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah
uga diarani Medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan.
Urut-urutane sesora yaiku :
1. Salam
Pambuka
Salam Pambuka yaiku isine ngucapake
salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakormatan.
Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane.
2. Pamuji
Isine muji syukur lan panuwun
marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora
ana alangan saka wiwitan nganti rampung.
3. Isi/wigatining
sesorah
Ngaturake apa ancas/tujuane
sesorah. Tuladha adicara pepisahan siswa kelas IX, pengetan dina Kartini,
ceramah bab kabudayan, agama, politik lan sosial
4. Pangarep-arep
Nyuwun donga pangestu marang para
rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane(cita-cita) bisa kaleksanan. Tuladha:
sing lulus sekolah bisa oleh gawean, sing ulang taun (ambal warsa) bisa lancar
sekolahe, sing dadi manten bisa tentrem anggone mbangun bale wisma, ceramah apa
kang diandharake/diterangke migunani marang para tamu/rawuh
5. Panutup
Isine nyuwun pangapura marang para
rawuh mbok menawa anggone sesorah/pidato ana kaluputan ing bab basa lan tindak
tanduk.
TULADHA
SESORAH MRENGETI AMBAL WARSANIPUN SEKOLAH
Assalamu’alaikum
Wr. Wb
Nuwun,
Ingkang
kinabekten Bapak Kepala Sekolah,
Ingkang
pantes sinudarsana Bapak saha Ibu Guru,
Ingkang
kinurmatan Bapak/Ibu Karyawan,
ngkang kinurmatan
Bapak/Ibu Karyawan,
Langkung rumiyin
sumangga kula panjenengan ngunjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun
Gusti Ingkang Mahawikan. Inggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula
panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya kalis ing
sambekala
Salajengipun, kula ingkang
pinangka sesulihipun panitya, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi rawuh
panjenengan saged damel regenging swasana. Awit saking punika, kula ngaturaken
agunging panuwun boten kesupen, kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak
Kepala Sekolah ingkang sampun paring idi palilah murih kaleksanananipun sedya
pengetan ambal warsa SMP Tunas Bangsa ingkang kaping -60 ing kalenggahan siyang
punika. Ugi kula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng
Bapak/Ibu Guru sumarambah Para Karyawan ingkang kepareng paring iguh pratikel
murih pratitising adicara punika. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng para
kadang wredha mudha siswa SMP Tunas Bangsa , ingkang asung sabiyantu ngantos
adicara punika saged kaleksanan kanthi gancar.
Para Bapak, Ibu, sarta kadang
mitra ingkang satuhu bagya mulya. Bilih wigatosing gati , panjenengan kasuwun
rawuh ing pahargayan ambal warsa SMP Tunas Bangsa kaping-60 punika kanthi
ancas, mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten
samangke, ngandelaken tekad majengangaken panggula wenthah umumipun, ningkataken
prestasi sekolah tuwin akhlakipun para siswa mliginipun.
Menggah wedharan sajangkepipun
mungguhing pengetan ambal warsa SMP Tunas Bangsa dalah pameran, bazaar, tuwin
pentas seni, badhe kababar dening panjenenganipun Bapak Kepala sekolah .
mugi-mugi kanthi wedharan samangke, mliginipun para siswa tumanggap ing karya
bilih labuh labetipun para sesepuh tuwin alumni SMP Tunas Bangsa rikala
semanten sanyata awrat. Ingkang tundhonipun saged nglajengaken semangatipun,
pangurbananipun miwah ngukir prestasi ing tataran nasional punapa dene
internasional. Awit saking punika, kula nyuwun dhumateng panjenenganipun Bapak
kepala sekolah kersaa paring wedharan pengetan ambal warsa SMP Tunas Bangsa
ingkang kaping-60 kalajengaken hambuka adicara pameran, bazaar, dalah pentas
seni.
Ing wasana, sugeng mriksani
ngantos paripurnaning adicara. Namung kemawon, mbokbilih lampahing adicara
punika kirang mranani penggalih panjenengan, panitya nyuwun agunging
pangaksami. Dene kula pribadi nyuwun lumunturing sih pangaksami menggah solah
bawa dalah panataning basa ingkang tebih saking tatakrama tuwin paramasastra.
Nuwun. Wassalammu’alaikum wr.wb.
Matur nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar