JINISIPUN WAYANG
Miturut kriteria watak lan sipat-sipate wayang kaperang dadi 10 jinis,
yaiku:
- Wayang Purwa utawa Wayang Kulit kang digawe saka kulit sapi sing wis dioleh, ditatah banjur disungging, sing lumrah critane jupuk saka Mahabarata lan Ramayana.
- Wayang wong: crita wayang kulit kang dipragakake dening wong (manungsa).
- Wayang golek: digawe saka kayu dientha (dibentuk) kaya manungsa ing tokoh wayang wong wong. Tuladha: Bima, Bawor, Semar.
- Wayang Menak: wayang dibentuk cengkorongane padha wayang golek, digawe saka kayu, disungging (dilukis). Critane nggambarake tokoh-tokoh ke-Islaman ing tanah Jawa klebu walisanga.
- Wayang Wahyu: digawe saka kulit meh padha karo wayang kulit kang nyritakake tokoh-tokoh perkembangan agama Kristen. Wujud blegere digawe kaya tokoh-tokoh manungsa kasebut. Tuladha: herodes, mathius.
- Wayang Potehi: wayang digawe nganggo seng baja bagian ngisor utawa dasar sikil diwenehi magnet supaya bisa mlaku ing dhuwur panggung saka lembaran kaca. Wayang jinis iki uga diarani wayang China amarga critane njupuk saka tokoh-tokoh China.
- Wayang Beber: wayang sing critane digambar/dilukis ing kain amba sing wujude geber utawa tonil. Yen pentas utawa pagelaran nggelar geber sing saben kain isine siji crita. Tuladha: crita Jaka Tarub, Raden Panji lsp.
- Wayang Suluh: wayang kanggo sesuluh/penerangan sing nggelar tokoh-tokoh sing kudu dimangerteni masyarakat.
- Wayang Thengul: wujude meh padha wayang golek, bedane sing dadi tokoh iku figur tokoh desa utawa masyarakat sing lagi nyekel kekuasaan, tuladhane tokoh lurah, kyai, pak carik lsp.
- Wayang Klithik: wayang ukiran wayang sing nggambarake tokoh-tokoh wayang njupuk saka crita Mahabarata lan Ramayana. Ukiran wayang iki diwadhahi kothak yen pentas wayang sakothak digawa lan dipindhah-pindhah kaya ngamen uga nggawa gamelan nanging maksimal 5 instrumen bae.
Esensi materi Bahasa Jawa kelas X11
Tidak ada komentar:
Posting Komentar