Tembung
Lingga lan Tembung Andhahan
1. Tembung Lingga (Kata Dasar)
Tembung
lingga yaiku tembung kang durung owah saka asale, kang durung oleh imbuhan apa
– apa, utawa tembung kang isih wungkul, isih wantah utawa isih asli. Tembung
lingga isoh digolongake wujud bebas (bentuk bebas). Tembung lingga ana kang
dumadi saka sakwanda, rong wanda, utawa telung wanda (suku kata).
Tuladha :
-
Turu
-
Tangis
-
Pari
-
Pangan
-
Mustaka
-
Tulis
-
Laku
-
Caping
2. Tembung Andhahan (Kata jadian)
Tembung andhahan yaiku tembung kang owah saka asale.
Tembung andhahan dumadi saka tembung lingga kang oleh imbuhan utawa tembung
lingga kang wis dirimbag. Owah – owahan iku bisa awujud :
-
Wuwuhan
(imbuhan)
-
Ngrangkep
tembung (kata ulang)
-
Nyambor tem
bung (kata majemuk)
Salah sawijini cara ndhapuk tembung
andhahan iku kanthi menehi wuwuhan, wuwuhan iku ana telu yaiku : ater - ater
(awalan),seselan (sisipan),lan panambang.
a. Ater - Ater
Tembung andhahan amarga oleh ater –
ater umpamane
Nyilih : ny- + silih
Mlaku : m- + laku
Diwaca : di- + waca
Kesandhung : ke- + sandhung
Dakjupuk : dak- + jupuk
b. Seselan
Tembung andhahan amarga seselan
umpamane :
Gumuyu : um + guyu
Tinulis : in + tulis
Kerelip : er + kelip
c.
Panambang
Tembung
andhahan amarga oleh panambang umpamane :
Telatan :
telat + -an
Awake : awak
+ -e
Bukuku :
buku + -ku
Tulisen :
tulis + -en
d. Wuwuhan Gaabung
Tembung
andhahan amarga oleh wuwuhan gabung umpamane :
Digawakake :
di- + gawa -ake
Njupaki : n-
+ jupuk -i
Nilisaka : n-
-ake
Sumber : http://anywi.blogspot.com/2013/11/tembung-lingga-lan-tembung-andhahan.html
Sumber : http://anywi.blogspot.com/2013/11/tembung-lingga-lan-tembung-andhahan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar