CERKAK-CERKAK PENGARANG SASTRA JATIM
JERIT BUBAR MAHGRIB
Dening: J.F.X. Hoery
Sidane sing
diarep-arep teka tenan sawise mahgrib. Mulihe iki sengaja ora nggawa
perlengkapan apa-apa, kajaba glathi kang tansah sumlempit ing bangkekane. Aja
ketemu bakul tanggane sing kandha yen dheweke diarep-arep supaya bali amarga
Emboke lara nemen ngono, dheweke ora ngarah gelem bali. Ya liwat bakul sing
ngandhani iku, dheweke banjur meling yen bengi iku bakal mudhun, sawise
nyerahake tugas-tugase lan aweh pituduh marang wakil lan mitra-mitrane.
“Jare lara
nemen Mbok, kathik katon seger bae?” pitakone sawise mlebu ngomah lan nyumurupi
yen Mboke ora apa-apa.
“Iya.
Cucul-cucul lan ganti dhisik, Har.”
Sing
dikandhani ora mangsuli. Klambi dril ijo sing wis luntur ijone, diuculi terus
dicantholake ing saka. Dheweke terus menyang sumur, adus. Bubar adus mung
nganggo clana lan sepatu. Ora lali glathine kang tansah sumlempit. Klambine
isih cumanthel ing saka.
“Embokmu
kangen banget, Har,” kandhane Bapake sawise padha lungguh ngadhep meja tengah
omah mburi.
“Ngono kok
jare Simbok lara nemen, tak Pak. Kamangka kahanan tambah gawat ngene. Tenaga
lan pikiranku dibutuhake dening perjuangan kanggo mempertahanake kamardikan
sing wis kita kumandhangake,” wangsulane Hardiyanto.
Lha yen ora
ora takakal ngono, kowe tangeh lamun gelem mudhun. Karodene kowe ngerti yen
kahanan sangsaya gawat ngono, apa isih arep tetep blusukan terus-terusan turut
ngalas?
“Kersane
Bapak?”
“Perjuanganmu
bebasane timun mungsuh duren, Har. Apa landheping pring wuluh sing mung kairing
bedhil-bedhil karaten iku kuwana nandhingi pasukan Landa sing gegamane sarwa
lengkap lan modern? Iku dudu tandhinge, Har.”
“Pak,
kanggone para pejuang ora bakal miris ngadhepi mungsuh senajan nggawa gegaman
kang lengkap. Semangat lan tekad perjuangane putra-putra bangsa, bakal luwih
ampuh katimbang katimbang mriyem-mriyem, mitraliyur sarta sawernane gegamane
Landa.”
“Muspra,
har...muspra! Landa bakal unggul jurite ing payudan iki.”
Hardiyanto
meneng krungu omongane bapake sing mangkono panemu sing kaya ngono. Kamangka
nalika dheweke pamit nggabung kanca-kancane mbentuk Laskar Tentara Pelajar
ndhisik ora mangkono. Panjurung lan pandonga sing ditampa. Semono uga nalika
dheweke tilik mulih telung
sasi
kepungkur. Nanging saiki, ya gene Bapake duwe panemu kaya mangkono? Pikirane
dadi judheg. Wong loro isih padha meneng-menengan.
“Wis rampung
kae lho! Nyang mburi mangan dhisik!” Kandhane mboke njedhul saka lawang pawon.
Hardiyanto karo bapake ngadeg, terus memburi ngadhep meja mangan. Dhasare budhal
mau durung klebon apa-apa, dikon mangan terus bae mlaku.
“Kok mbeleh
pitik barang ta mbok?”
“Pancen
nyawisi awakmu, sawise ndhek emben dikandhani yen kowe bengi iki arep teka.
Bola-bali anggonku melingake, supaya kolwe tilik mulih.”
“Ngono kok
kandhane jare sampeyan lara.”
“Yen ra
ngono kowe mesthi emoh bali. Iku awakmu nganti kaya ngono wis ora mbok openi,
betheke anggonmu katrem mburu kidang sing durung genah papan grumbule.”
“Mburu
kidang sing durung genah papan grumbule?”
“Wis ah,
mangan dhisik! Mengko omong-omonge, “ pamunggale Bapake.
“Lha iya,
simbok iki lho wong jamane kaya ngene kok ya masak-masakak kaya ngene!” Kandane
karo nyiduk sega.
“Iku rak
kanugrahan ta Har! Waregana, aku ndak-nggawe kopi.”
Sing
dikandhani terus mangan. Nanging pikirane terus ngrambyang, meruhi kahanane
wong tuwane sing adoh banget bedane panguripane laro nalika dheweke bali telung
sasi kepungkur.
Saiki jamane
saya angel, keamanan saya gawat lan ekonomi saya seret. Nanging sajake wong
tuwane bisa urip kanthi ayem. Tentrem, lan kepenak. Kamangka mrana-mrana rakyat
padha sesambat angele golek pangan. Kok wong tuwane bisa mangan sarana
turah-turah paribasane, miturut kanan sing diadhepi iku. Banjur apa karepe
mboke, kandha yen kabeh iku jare kanugrahan? Senajan lagi nengahi man
gan enak,
nanging rasane ora enak. Dheweke eling perjuangane, eling tugase mempertahanake
kamardikan lan daerahe. Uga eling marang kanca-kancane sing ditinggal ing
nggunung daerah gerilya, sing mesthine bengi iki nindakakeprentahe supaya
nyusup menyang daerah pertahane mungsuh. Dheweke kesereten, bola-boli keselak.
Kepeksa anggone mangan dirampungi.
“Wis Har,
tinggal bae,” kandhane bapake. Wong loro banjur bali maneh menyang omah.
Hardiyanto kaget, weruh cawisan ing meja.”
“Iku lho
Har, wedange!” kandhane mboke.
“Mbok,......
Pak....! Iki susu lan roti saka ngendi? Jajan-jajan smene iki saka ngendi?”
pitakone Hardiyanto karo isih ngadeg ing ngarep meja, sedhela nyawang isen-isen
meja terus nyawang bapake lan mboke genti-genten.
“Mau rak wis
dikandhakake mbokmu ta Har, yen kabeh iku kanugrahan, mulane kowe takkon
mulih.”
“Kanugrahan?
Kanugrahan saka ngendi pak?” Hardiyanto katon wiwit ora sabar.
“Sabar Har,
Sabar. Mau aku rak wis kandha ta, yen sejatine perjuanganmu iku pindhane timun
mungsuh duren.”
“Dadi bapak
lan simbok saiki wis kena pangglembuke mungsuh?”
“Pikiren
Har, aku wong tuwamu. Sawise dakrasakake seprana-seprene, banjur apa sing
diarep-arep saka asile kamardikan? Coba pikiren, uripe dhewe wiwit jaman Jepang
nganti ngancik jamane kamrdikan urip kaciingkrangan terus-terusan bae. Balik
saiki, sawise Landa bali tekan kene maneh! Embokmu wis ora nate blanja. Susu,
gula, beras, kopi, lan liyane wis meh telung sasi mlaki iki, terus dikirimi
saka tuan van Hendrik.”
“Bapak!”
pambengoke Hardiyanto karo nggebrak meja, krungu kandhane bapake. Atine tambah
getem-getem maneh, bareng krungu jeneng van Hendrik sing ora liya Komandan
Markas Landa ing kuthane. Saiki dheweke ngerti yen wong tuwane wis kena
pangglembuke Landa, lan dheweke dikon mulih iki ora liya mesthi akale mungsuh.
Mulane har,
kowe becik bali bae.” Mboke nrambul kandhane, trus bacute.
“Tuang
Hendrik arep menehi kalungguhan yen kowe gelem nyelehake senjatamu. Kaya Daroji
kancamu kae, saiki kepenak melu serdadu Landa. Lan sing kerep mrene diutus tuan
Hendrik ngeterake barang-barang iku yang dheweke. Mula amrih slamete awake
dhewe lan amrih kepenakae turuten.”
“Bangsat!
Kurang ajar! Dadi Daroji sing dadi pengkhianat. Yen ngono dheweke sing
mbocorake marang Landa, nganti penyerbuane kanca-kanca gagal, lan akhire
dheweke dianggep ilangb dhisik? Saiki dheweke dadi gedibale Landa, lan ya
dheweke sing bisa ngracuni wong tuwaku?” Kanepsone Hardiyanto ora bisa
dibendung.
“Wis ta Har,
turuten panjalukku!”
“Pak, jiwa
ragaku wis dak tegakake kanggo tumbaling kamardikan.”
Dumadakan
krungu swara sepatu pating ketheprok. Wong telu padha meneng, lan
pandeng-pandengan. Swara sepatu keprungu saya cedhak lan sajak akeh. Hardiyanto
sadar yen ing saroning bebaya. Trengginas dheweke nyaut klambine kang cumanthel
ing saka, mencolot memburi terus nggeblas metu lawang pawon, nasak petenging
wengi. Sing ditinggal mlayu ora bisa apa-apa, mung pating dlongop.
“Ora suwe
pating jedhul serdadu Landa wis mlewbu njero omah nggawa cucuk laku Daroji.
“Endi anakmu
Hardiyanto? Wis teka kaya janjimu dhek wingi?” pitakone pimpinan serdadu sing
arep nyergap hardiyanto marang bapake Hardiyanto saran tembung sing kagok.
“Eh....uu....uu
Durung te...teka Tuan,” jawabe bapake Hardiyanto glogap-glagep gupuh. Sing
wadon ngewel saka wedine, cangkeme kaya disumpeli ora bisa kanggo omongan.
“Durung
teka? Ah bohong. Iki cawisane sapa?”
“Bener
Tuang, dheweke durung teka. Iki, ....iki....kanggo nyawisi dheweke yen mengko
teka.”
“Kowe
ngapusi ya!” pambengoke pimpinan serdadu Landa iku, karo ngarahake pucuke
sangkur marang bapake Hardiyanto.
“Daroji, lan
liyane coba golekana anjing Republik Hardiyanto, menawa isih ndhelik ana njeri
kene!” daroji lan serdadu andahane wiwit tumandang ngubres ing njero omah iku.
Nanging sing digoleki ora ketemu.
“Lawang pawon
sing mburi menga, Tuan. Lan ing meja bubar ana wong mangan, piringe durung
dikukuti. Nanging Hardiyanto ora ana,” kandhane salah sijine serdadu Landa
totok.
“Ha....ha....ha.....
kowe ngapusi ya!”
“Ora Tuan.
Sing bar mangan aku dhewe lan bojoku mau saka sumur durung ditutup.”
“Bohong!
Kokdelikake ana ngendi anjing republik iku?
“Be...”
Durung nganti tutug omongane bapake Hardiyanto, dumadakan, Pyar!.... Sakabehing
isen-isen meja ambyar disampluk popor.
“Kowe.....kowe
anjing ngapusi aku ya? Iki sing mbok jaluk?” Prak,....brug!.... Bapake
Hardiyanto ditarik terus ditampani sabetan popor, tiba gumebrug natap lawang
terus ora obah. Sing wadon njerit nubruk sing lanang, Serdadu Landa wis ora
maelu panjerite wong wadon sing blulungan jeir-jerit iku. Padha buyar metu lan
ora suwe keprungu swara pating jedor saka panjebluge senjatane. Landa sing
ngawut-ngawut peluru ing des kono. Swara jerit bubar mahgrib binarung
panjebluging senjatane Landa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar