GARUDA
PUTIH
Dening
: Suparto Brata
Garuda Putih menika durjana ingkang
kondhang ing Surabaya. Sampun dangu dados buronan polisi, ananging piyambakipun
menika tansah cerdhik nalika ndhamel setrategi kangge tindak kadurjanan. Kados
ta ngenani prakawis Abisuna ingkang
dipunpejah kaliyan Garuda Putih. Lan kasus ing Surabaya yaiku maling wonten
toko rajabranipun Pak Suryapringga kanthi mendhet bandha ingkang kathah tanpa
saget dipuntemokaken kaliyan polisi, sanadyan piyambakipun sampun nilaraken
seratan ing serbet Hotel Argadalu yen pancen ingkang ngrampok menika Garuda
Putih.
Kanthi kedadeyan menika ugi ndamel manah
saking para polisi yen rumaos dipunina, kados sampun boten dipunhormati malih.
Abisuna yaiku pejabat pamrentah ingkang pamit kaliyan estrinipun badhe tindak
tugas ing dhaerah cadhak Tretes. Estrinipun boten pati percaya kaliyan
garwanipun, lajeng nyuwun tulung kaliyan Bagus Pamutih supados ngamat-amati
tindak-tandukipun Abisuna ing Hotel Argadalu. Nalika Abisuna tilem wonten hotel
kaliyan Emi ingkang biyasa dados batir para kakung ing hotel.
Abisuna seda ing Garuda Putih kanthi
seratan paukuman kangge tiyang ingkang dolanan wadon. Menika sami kaliyan
seratan nalika ngrampok wonten toko. Dados nasibipun Bagus Pamutih, amarga
piyambakipun ingkang dipuntedhah mateni Abisuna amargi Bagus Pamutih wonten ing
panggenan kedadeyan mriku yaiku ten Hotel Argadalu. Sebab saking seratan-seratan menika ingkang saget
dados bhukti yen pancen Garuda Putih sang durjana.
Pihak
kepolisian dipunpimpin dening Kapten Mujahir lan dipunbiyantu kaliyan Detektip
Handaka ingkang sampun mahir ngadhepi prakawis kadurjanan. Dene setrateginipun kanthi nyujani tunnanganipun
Rara Sumarni yaiku Guritno. Rara Sumarni inggih ponakanipun Suhud ingkang
gadhah Hotel Argadalu. Sanadyan namanipun dipunsamar dados Guritno,Detektif
Handaka nyujani yen nalika nglakokake tindak kadurjanan Garuda Putih menika
inggih liwat Rara Sumarni ingkang caket kaliyan tiyang-tiyang Hotel
Argadalu.menika sedaya anamung nembe dados timbanganipun polisi kanthi bhukti
ingkang sampun wonten. Lan kangge nyekel Garuda Putih taksih kedah angsal
bhukti ingkang cetha malih. Lajeng polisi nangkep kembaranipun Guritno ingkang
wonten Surabaya amargi ngira yen piyambakipun menika Garuda Putih. Lan
pungkasan kembaranipun Guritno carios marang polisi yen guritna inggih Garuda
Putih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar