Deskripsi
Tembang Pangkur
Dening
: Tri Setyoningsih
Pitutur
ingkang wonten tembang Pangkur menika njlentrehaken lelabuhanipun tiyang
gesang. Ngenani babagan tumindakipun ingkang becik menapa ala, kedah
dipunmangerteni. Dipunpirsan, dipunraosaken, ugi dipunlaksanakaken aturanipun
menika ing saben wayah siyang utawi ndalu kedah migunakaken tata krama. Kedah
waspada ugi dipuntimbang-timbang antaranipun ingkang becik menapa ala menika
dipun ati-ati. Curiga menika nggih angsal, ananging boten purun dipunlalekaken
menawi saweg menapa kemawon kedah dipunjaga, nalika lenggah, tangi, mlampah,
mendel, ngendika, menapa tilem, sedaya menika kedah ngginakaken nalar.
Menika
ingkang perlu dipunwigatosaken 4 perkawis nalika tumindak menapa kemawon.
Perkawis bacik menapa ala, alit menapa ageng, sampun ngantos dipuntilaraken. Tiyang
gesang wonten pundi kemawon panggenanipun ing desa menapa kutha, dene 4
perkawis menika dipundadosaken pathokan minangka dados tuntunan ingkang sae,
mila sampun ngantos dipunlalekaken. Nalika wonten satunggalipun tiyang ingkang
boten migunakaken nalaripun, boten pantes dipunsrawungi kaliyan tiyang kathah.
Tiyang ingkang ngandelaken saking kekarepanipun piyambak menika saget ndamel
cilaka kangge tiyang sanesipun, ugi saget ndamel cilaka lan nyesel ing
pangraosanipun.
Tindak
tandukipun tiyang menika saget dipunpirsani saking tumindakipun nalika
piyambakipun mlampah, lenggah, ugi saking ngendikanipun menika saget ketawis.
Tiyang pinter menapa boten, tiyang ingkang gadhah pangkat menapa boten, lan
luhur menapa boten, sedaya saget ketawis. Ulama menapa penjahat, tiyang jirih
kaliyan ajrih, maling menapa bebotoh, jaler menapa estri, sedaya menika gadah
ciri ingkang sami. Saget dipunpirsani saking tindak-tandukipun, wicantenanipun
kados menapa, lan lelampahanipun. Sedaya menika dados ciri ingkang gampil dipuntiteni
saking saben-saben tiyang. Dipunpirsani ugi dipunraosaken , merga tiyang jaman
rumiyin menika boten nate salah anggenipun mbiji tiyang.
Samenika
sulit kangge nemokaken tumindakan
ingkang sae. Merga samenika kathah tiyang dengki, serakah, males, boten jujur,
remen damel perkara, sombong, jail, ugi curang. Lan ngrugekaken tiyang
sanesipun. Tumindak ala saking tiyang menika dipunumbaraken, ananging menawi
tumindak becik menika dipuntutupi. Remen ngunggulaken tumindakipun piyambak
merga dipunanggep paling leres lan sae. Ananging sejatosipun, tiyang kados
mekaten menika tansah ala sanget lan boten pantes dipunsrawungi.
Tiyang
ingkang kados mekaten menika dipunsebat penjahat serakah, boten bakal puas
sanajan sedaya sampun saget dipungadhahi. Napsu ala ingkang lawamah ugi amarah
malah tansaya ndadra. Sedaya tindak tandukipun nalika ngendika menapa saweg
lungguh kemawon, boten purun dipunkalahaken dening tiyang sanes. Merga
dipunraosaken lan dipunpikir menika piyambakipun tiyang ingkang paling agung.
Mula sampun ngantos kita sedaya dados tiyang ingkang makaten alanipun. Sedaya menika
sifat ala ugi boten pantes dipunsandhang dening manungsa. Mangga anggenipun
gesang kita saget milah pundi ingkang becik lan ala, ingkang leres ugi ingkang
salah. Tumindak becik mangga dipundadosaken obor gesang wonten alam donya.
Sampun
ngantos kita nggadhahi sikap lunyu, lemer, genjah, angrong pasanakan nyumur
gumuling, lan ambuntut arit. Sedaya menika sikap ugi sifat ingkang saget
njrumusaken maring cilakane badan. Menapa ingkang dipunucapaken utawa
dipunadharaken menika boten saget dipunsuwun pertanggungjawabanipun (ingkar
janji). Gampang kagodha dening amarah ingfkang boten sae, kirang sopan
anggenipun matur, purun serong kaliyan estrinipun tiyang lan menapa ingkang
dados kekarepanipun kedah kaleksanakaken.
Menawi
tiyang menika sampun boten saget njagi rahasia, ugi marang babagan menapa
kemawon ingkang sejatosipun kedah dipunumpet, ananging malah dipunumbaraken.
Menapa ingkang dipunmidanget menika boten mangertos lereh-lerehipun ugi
dipunumbar. Sedaya ingkang dipunucapaken anamung madosi kangge untung saking
piyambakipun, boten mikiraken tiyang sanes ingkang dipunrugekaken. Menika
sedaya perkawis ingkang boten sae lan boten pantes dipuntiru utawi dipunanut.
Mesthinipun nggih anggenipun ngatur tindak-tandukipun kedah saget kados emas
ingkang mumbul wonten ing dhasaran toya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar