Asal usule reog ponorogo
Opo toh BARONGAN kuwi. Ditilik saka
jenenge wae kok sajak nyolowadi lan uga tansah medheni banget. Barongan iku
sejatine salah sawijining kesenian tradisional nang Jawa Tengah. Nanging
kesenian Barongan iki dhewe, luwih ngakar lan kondang tumraping warga
masyarakat ingKabupaten BLORA, tinimbang kuta-kuta liyane nang Jawa Tengah.
Mula ora mokal yen Barongan iku akhire identik lan dadi kesenian unggulane
Kabupaten Blora iku dhewe.Barongan ing lelakon kesenian
barongan iku, digambarke minangka panguasa alas kang angker kanthi sifat lan
watake kang sarwa ala. Mula wujude barongan iku yo di gambarke kaya wujude
Singo Kang Galak utawa Singo Barong.
Ewodene wujud saka kesenian barongan
iku dhewe , disuguhke kanthi sarana beksa/tari, lan diiringi nganggo gending
gamelan kang gendinge iku khas kanggo kesenian barongan iki dhewe. Dene tokoh
penting ing carita barongan iki yaiku: 1. Singo Barong ( Gembong Amijoyo ), 2.
Bujangganom ( Pujangga Anom ), 3. Joko Lodro ( Gendruwo ) 4. Reog ( Pasukan Turongga
), 5. Noyontoko, 6. Untub.Kocap kacarita, mula pambukane carita barongan kang
kapetik saka babat panji iki, yaiku nalika Prabu Klana Sawandana saka negari
Bantarangin kanthi utusane Bujangganom lan Raden Panji Asmarabangun saka negari
Jenggala kanti utusane Noyontoko lan Untub, nduweni kekarepan kang padha yaiku
saperlu nglamar putri Raja Kediri sesilih Dewi Sekartaji. Nanging kekareban iku
kaadang dening Singo Barong kang minangka jelmaane Adipati Gembong Amijaya.
Dadia perang tanding Singo Barong lumawan para prajurit Bantarangin lan uga
prajurit Jenggala.
Jangkeping carita, Singo Barong
kaasorake dening Prabu Klana Sawandana kang gegaman Cemeti Samandiman, lan
didadekne andahane. Sakbacute Prabu Klana Sawandana uga kena dikalahne dening
Raden Panji Asmarabangun nganti tumeka pati. Dene Singo Barong kasedakne ora
iso malih wujud asal manungsa ( Gembong Amijoyo ) maneh, lan didadekne abdine,
Bujangganon uga didadekne abdine. Kanti kairing para prajurit Jenggala,
Bujangganon lan sisa prajurit Bantarangin kang wis kasil dikalahke lan uga
Singa Barong, Raden Panji Asmarabangun kanti arak arakan kasebut neruske lampah
saperlu nglamar Dewi Sekartaji. Pungkasan , yo suasana arak-arakan iki ing
tembe mburine kang minangka dadi cikal bakaling kasenian Barongan iku nganti
tekan seprene iki.
Rikala jaman samana ing klanah ponorogo ana pawongn
loro padha sektine. Wong loro iku sak peguron ora tahu rukun ing babakan apa
wae, arane singo barong lan kalana sewandono. Singo barong lan kelana
sewandana iku wong loro sak piguron nanging dadi mungsuh bebuyutan.
Memungsuhane kalorone saya nemen prikolo kalorone bebarengan ngleboni sayemboro
sing sarate ono telu sapa sing menang sayemboro iku bisa nikah karo putri ayu
saka Kediri yaiku dewi sanggalangit.
Dene sarate yaiku :
1. Jaran satus patang puluh papat kembar lan sing nunggangi pisan
2. Janmo aneh sing endase loro
3. Lan tontonan anyar sing durung nate ono.
Sengite singo barong soyo dadi
banget bareng weroh mungsue bisa oleh jaran satus patang puluh papat ora mung
kembar nanging duwe buntut warno emas. Kanthi licik singo barong kongkonan
uwong kepercayaane supoyo ngrebut syarat sing nomer siji wau marang kelana
siwandono.
Akhire dadi perang rame banget sing
gowo korban akeh ing kaloro – lorone mbanjur singo barong lan kalana sewandana
adep – adepan perang. Singo barong meh wae menang ananging wis para isuk
srengenge wis metu iku njalari singa barong kekuatane entek. Wektu sing kaya
ngono iku di werui dene kelono sewandono mulo terus singo barong di sabdho dadi
makhluk aneh sing endhase loro endhas sing nomer siji singo sing nomer loro
merak, kewan sing dadi ingon–ingone singo barong sak lawase manggon ing endhase
singo barong mangani tumo.
Sapa nyana, singo barong sing uwes
awujud singo lan merak dadekake kelono sewandono kasil ing syarat kaloro.
Syaray katelune kelono sewandono ngarak singo barong sing wis rubah wujud dadi
singo karo diiringi gamelan aneh sing digawe saka kayu lan pring iku dadi
tontonan sing aneh. Wusanane ing carito kelano kelandono dadi pemenange terus
nikah karo dewi songgolangit lan dadi panguasa kediri, deweke uga marisi
kesenian arak – arakan singo lan gamelan sing tumekan saiiki di jenengi reong
ponorogo.
Sumber :
Tidak ada komentar:
Posting Komentar