Puntadewa Rabi
Langite
padhang sumilak nyingkirake sumorot cahyane mbulan ngiringi lakune Puntadewa lan
Permadi, pamit marang Drupada lan Permaisuri sing arep ninggalake Kraton Cempalareja.
Dewi Drupadi lan Srikandi gemrusuh tangi esuk-esuk nyiapake gegawane Puntadewa
lan Permadi.
Satibane
ing Wanamarta Puntadewa nyampekake pesene Prabu Drupada kanggo Ibune. Dheweke
ngenteni satus dina kanggo mengeti sedane Raden Gandamana kang seda dening kuku
pancanakane si Bratasena. Para sanak, punakawan, lan Dewi Arimbi mara ing Kraton
Prabu Drupada. Prabu Drupada nyediyani pasanggrahan ugi sandhangan kang
endah-endah kanggo para Pandhawa, Dewi Kunthi lan Arimbi nalika pesta kawinane
Raden Puntadewa karo Dewi Drupadi.
Dina
kang dienteni wis teka, rombongan banjur padha siap-siap marani calon panganten
kanthi numpak kreta tumuju Kraton. Kekembangan megar, nembang kidung asmara .
Manuk-manuk mabur sorak-sorak, jawane mengkene:
“Puntadewa...
Puntadewa.. Puntadewa sing gagah prakosa mangka dadiya satriya kang utama.”
Upacara
kawiwitan, Puntadewa ngenalake ibune yaiku Dewi Kunthi marang Prabu Drupada lan
permaisurine.
“Sendhika
dhawuh Rama Prabu Drupada, menika ibu kula ingkang asmanipun Dewi Kunthi.”
Kandhane Puntadewa bungah.
Sumiliring ati nalikane keprungu
swarane gendhing gamelan. Gumeter kaya-kaya nangekake rambut-rambut kalong ing
awak. Puntadewa sing dina kuwi dadi rajane raja uga Dewi Drupadi sing dadi
ratune ratu sejagad. Sumringahe Dewi Kunthi nalika nyambut calon putrine.
“Oalah
Ndhuk putriku, mangka beja banget putraku anggone milih awakmu. Muga anggone
miwiti mbangun kaluwarga iki bisa entuk ridhaning Gusti.”
Dewi
Drupadi mangsuli, “Inggih Ibu, matur sembah nuwun kula dhateng panjenengan.
Mugi restunipun panjenengan punika saged dipunjabah saking Gusti.”
Puntadewa
nggatekake pangandikane Ibune marang Drupadi kanthi rasa kaya-kaya munggah
langit. Pamikirane Puntadewa, yen Dewi Drupadi iku pancen anak raja, ananging
dheweke ora ngunggulake apa kang wis diduweni. Tumindake kang welas asih marang
sapa wae nggambarake sipat becike.
Sakwise upacara, para tamu banjur
padha nonton Pagelaran Seni Tari lan Wayang kulit kanthi lakon Ramayana. Suwasanane
rame banget, para tamu isih padha mara wiwit esuk nganti tekan sore. Kang
sebageyan padha nonton keseniane, ananging sing sebageyan ngumpul ngrubungi
Bratasena sebab gumun banget marang dheweke sing wis bisa ngalahake Raden
Gandamana wong kang sekti mandraguna. Dene upacara iku katindakake pitung dina
pitung wengi.
Ana
ing panggonan liyane, Permadi lan Srikandhi malah lagi pacangan, mandeng sorot
mripate Permadi nganti dikira dheweke iku kang dadi mantene.Awak kesel nanging
atine seneng banget ngrasakake upacara ing dina mau bisa mlaku kanthi lancar
lan meriyah. Kekarepane Puntadewa arep ngejak lunga Drupadi ana ing wana.
“Dhik,
apa awakmu gelem yen tak jak manggon ana ing alas?” pitakonane Puntadewa.
Drupadi
mangsuli, “inggih kang mas, kula ndherek panjenengan kemawon”.
“yen
pancen ngono, mengko kang mas kari nyuwun restune rama”. Pituturane Puntadewa.
Sawise
Drupadi nyaguhi banjur Puntadewa nuwun restunipun rama Prabu Drupada.
“Nuwun
pangapunten rama, kula wonten ing ngriki badhe matur kaliyan panjenengan bilih
pangajab kula menika badhe mboyong Drupadi tumuju alas Wanamarta, mila
pangajeng-ajeng kula inggih restu saking panjenengan rama”.
Prabu
Drupada mangsuli “Ngger, apa ora luwih apik nek kowe lan Drupadi manggon ana
kene wae?”.
“Kula
menika boten tegel rama menawi badhe nilar Ibu kaliyan rayi-rayi kula ingkang
wonten ing Wanamarta. Tekad kula inggih badhe sisah lan seneng sareng-sareng”,
Wangsulanipun Puntadewa.
“Yen
pancen ngono kekarepanmu Ngger, mangka
Ibu lan sanak dulurmu coba dijak manggon
ana kene wae menawa gelem”, pituture Drupada.
Puntadewa
mangsuli, “inggih rama, matur sembah nuwun kangge sedaya kasucen saking
manahipun panjenengan, ananging kita sedaya menika taksih gadhah amanah saking
para Dewa supados mbabat alas Amarta saengga kadhapuk dados kampung, desa, lan
kitha, ingkang salajengipun saged dados keraton”.
Drupada
banjur ngeling-eling nalika dheweke teka ana panggonan kana kuwi, pirang taun
sing wis kepungkur uga sangsara banget urip dhewekan ora duwe sapa-sapa. Saka
susahe mau saiki wis bisa ngrasakake kamulyane dadi raja ing Kerajaan
Cempalareja.
“Hmm...
ya sakjane aku durung lila ngeculake putriku, nanging awakmu aja gawe kuciwa
ramamu iki. Aku percaya marang awakmu sing bisa njaga putriku lan kaluwargamu
ana Wanamarta”, pesene Drupada marang Puntadewa.
Drupada banjur ngundang bojo lan
putrine kanggo ngrembug panjalukane Puntadewa kuwi mau.
“Ndhuk,
kirane awakmu gelem apa ora menawa arep kok ajak bojomu manggon ing Wanamarta?”,
pitakonane Drupada marang Drupaadi,
anake.
Drupadi
mangsuli, “inggih rama, kula purun”
Saguhe
Drupadi uga nggawe manah sang Ibu gela. Ibu nangis nganti Srikandi lan Raden
Drustajumena krungu, banjur Srikandi anjaluk pamit ramane arep melu ngeterake
mbak ayune maring Wanamarta.
“Rama,
restunipun panjenengan menawi kula badhe ndherekaken lampahipun mbak ayu
Drupadi kaliyan kang mas Puntadewa tumuju Wanamarta”. Makaten panyuwunipun
Srikandhi.
Drupada
kang wis mangerteni sipat uga sikape Srikandhi sing kaya apa nalikane dheweke
wis nduwe kekarepan, mangsuli “iya, tapi lungamu kudu karo adhimu
Drustajumena”.
“Inggih
rama, matur sembah nuwun kula”, Srikandhi mangsuli kanthi sumringah.
Miwiti lakune tumuju Wanamarta
kanthi numpak kreta ngeterake Pandhawa, Dewi Kunthi, Dewi Arimbi, para
Punakawan, lan Putra raja Cempalareja. Bratasena sing ora gelem numpak kreta,
luwih milih mlaku utawa mlayu tumuju Wanamarta.
Kuwi mau cendhake cerita asmara
antaraning Puntadewa lan Drupadi kang dibungkus janji suci ana laminan. Drupadi
sing tundhuk lan ora bakal ngingkari janji sucine marang Puntadewa kudu bisa
urip bebrayan ngenteni megare kembang sak alume lan sak rogole ngibaratake wujud rasa tresnane .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar