PAHLAWAN
PROKLAMATOR
(Pacelathon)
Tantri
: “Eh, kelompoke dhewe durung nggarap tugas basa Jawa, hlo”
Eni :
“Iya, terus piye? Apike saiki golek sapa tokoh pahlawan sing bakal dicritakake
ing riwayate.”
Rizki :
“Aku setuju karo usulmu, En. Yen manut aku, apike nyritakake riwayate pahlawan
Ki Hajar Dewantara.”
Dimas :
“Wah, yen miturutku apike Pahlawan Proklamator wae piye?”
Eni :
“Aku setuju, Dim.”
Tantri :
“Aku ya setuju.”
Rizki :
“Yo, wis, aku anut. Nanging kita kudu ngerti dhisik, sapa ta Pahlawan Proklamator
iku.”
Dimas :
“Miturut pelajaran sejarah, sing diarani Pahlawan Proklamator yaiku Ir.
Soekarno lan Muhammad Hatta. Coba, Tan, wacanen bab Pahlawan Proklamator ing
buku iki.”
Tantri : “Ya,
kene takwacane, ning mengko gentian Eni, ya!. Ir. Soekarno sing uga misuwur
Bung Karno iku presidhen Indonesia kang kapisan. Panjenengane salah sijine
pahlawan Indonesia. Panjenengane miyos rikala tanggal 6 Juni 1901 ing kutha
Surabaya.”
“Wis,
enya bacutke, En.”
Eni :
“Wiwit timur Bung Karno wis berjuwang nglawan Walanda. Ing taun 1927 Bung Karno
karo kanca-kancane, yaiku dr. Cipta Mangunkusuma, Mr. Sunarjo, lan Mr. Iskaq
Cokrohadisuryo ngedegake pakumpulan PNI. Marga kekendelane Bung Karno nglawan
Walanda, Bung Karno nate diasingake menyang Ende lan Bengkulu. Ing tanggal 17
Agustus 1945 Bung Karno karo Bung Hatta mroklamasekake kamardikane negara
Indonesia. Sabanjure, Bung Karno diangkat dadi Presidhen Indonesia sing
kapisan. Bung Karno seda tanggal 21 Juni 1970 lan disarekake ing Blitar.”
Dimas : “
Wis, ayo enggal ditulis riwayate Bung
Karno nganggo basa krama.”
Rizki, Tantri, Eni : “Ayo!”
(Kulina Basa Jawa VII)
Sumber : Modul
Pembelajaran Bahasa Jawa SMP/MTs kelas VII
Tidak ada komentar:
Posting Komentar