Keong Mas
Kira-kira
wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan
lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.Ora beda mbok Randha Dhahapan,
pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane
dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing
mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake
marang Gusti Kuasa.
“Duh Gusthi
paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan.
Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat.
ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur
nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang
nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah
dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti
meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk
opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana
krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti
panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi.
Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas
pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu
ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga
Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur
nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
“Nduk wong ayu sliramu
iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”
“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi
Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin
Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin.
Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang
kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane
Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate
banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu
lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku ora konangan
Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran
Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha
banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita
menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadhai bokor
kencana.
Nampa
kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi
kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana
kajaba Dewi Candrakirana. Raden
Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba
bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi
Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane
dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa
Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul
panyuwune Mbok Randha Dhadapan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar