Minggu, 14 Desember 2014

Geguritan Kangge Pahlawan Sejati



Ibu
Pangandikamu
Tumindakmu
Kabeh ngemu pitutur luhur
Luwih luwih tresanmu Ibu
Tresna kang tan bisa den ukur
Tresna kang tansah sempulur
Mula Ibu
Aku putramu
Amung sumanggem
Sumungkem lan tansah ngesthi dhawuhmu Ibu
Awit ya ana samparanmu Ibu
Swargaku 
Sumber: Panjebar Semangat

Kagem Guruku
aku kelingan panjenengan 
amarga dudu geni arane
yen ubale ora ngobori lakuku
minyak pepetenging kaweruh
cubluk ngelakoni kang sarwa ora gathuk
tumrap pitutur, nalika kudu digugu
tumrap piwulang, nalika kudi ditiru

wengi kuwi ketemuku
ana satengahing sujud
nanging, apa panjenengan
ya tansah ngelingi aku
amarga dudu geni arane 
yen ubale ora diparengake 
ngobori lakuku 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar