Laire
Pandhawa Lan Kurawa
Dening : Karlina Setiyanti
Pandu lan bojone kang jumlahe ana loro, urip kanthi cara mertapa
ing salah sawijining alas. Pandhu lan bojone mau ora kepengin urip sugih lan
entuk kakuasaan, nanging siji sing nganggu pikirane pandu, yaiku yen wong
lanang ora duweni keturunan anak lanang pungkasane uripe bakal ana ing neraka.
Nanging dheweke duweni perkara karo hasrat seksuale kang dikutuk sepasang
Rishi, yaiku dheweke bakal mati yen gauli bojo-bojone. Pandu ngrembug perkara
iku marang bojo-bojone lan ngutus bojo-bojone supaya bisa oleh anak saka para
Rishi sing urip ana ing alas. Pada karo biyen, Pandu uga lair saka Rishi sing
mara marang Ibune, janda raja Wangsa Kuru.
Banjur Kunti, yaiku bojone Pandu nyeritakake kanugrahan kang
diwenehi dening Rishi Duyasa sing mara marang kerajaane bapakne. Anugerah kuwi
mantera kanggo ngundang para Dewata supaya oleh karunia awujud putra. Banjur
Pandu ngutus supaya Kunti ngundang Dewa Dharma. Saka iku banjur lair Yudistira
sing duweni kepribadian kang wicaksana. Sawise setaun, Pandu ngutus Kunti maneh
supaya ngundang Dewa Bayu, yaiku dewa sing paling kuat ketimbang dewa-dewa
liya. Saka Dewa Bayu lair Bhismasena sing gagah perkasa. Bhismasena duwe
kakuwatan kang ngluwihi saka kakuatane dewa Bayu. Taun sabanjure Pandu ngutus
Kunti nglairake anak maneh. Kunti banjur ngundang Indradewa, Dewa sing paling
termasyhur antara para Dewa.
Banjur lair Arjuna
sing dilairaken dadi pahlawan sejati uga nyekel teguh ajaran kebeneran. Pandu
isih pengen Kunti ngundang dewa maneh, sanadyan wis diwenehi putra-putra kang
sempurna. Nanging mantra kuwi ora oleh di gunakaken luwih saka kaping telu.
Amarga iku, Pandu sedih. Banjur Kunti ngajarake mantera kuwi marang Madri,
yaiku bojone Pandu kang kapindo. Banjur Madri nglaksanaken niate kuwi, dheweke
ngundang Sang Kembar tabib para dewata Ashwin Kumar. Lair anak Madri saka dewa
Ashwin yaiku Nakula Sadewa kang duweni kawanian ingkang gedhe lan
kawicaksanaan.
Bareng karo laire Bhismasena, Permaisyuri Gandhari nglairake
putera nomor siji yaiku Raja Dhristrata uga nglairake 99 anak lanang lan 1
nglairake anak wadon. Nanging rikala Duryodana lair Raja Dhristrata oleh
firasat sing ora apik. Deweke ngrembug bab kuwi karo Widura adine sing lair
saka dayang ibune. Widura ngendika yen kelairane Duryodhana ngawali kadadean
sing paling ngeri nimpa kaluwargane yaiku ilange dinasti Kuru. Raja Dhristrata
ora peduli firasat lan maknane sing dikandakake dening Widura.
Sawise urip cukup lan seneng sasuwene 15 taun luwih, Kunti
lan putra-putarne mlaku-mlaku ana ing alas, Pandu lan Madri ditinggal ana ing
Ashram. Amarga wis suwi ora nglakoni hubungan, Pandu weruh ayune rupane Madri
dheweke lali karo kutukane sepasang Rishi sing dipanah rikala awujud rusa,
sadurunge nglakoni hubungan karo bojone, Pandu mati.Madri sedih banget amarga
kadadean iku. Dheweke nyalahake awake dhewe kang ora bisa nahan nafsu suamine
supaya ora nglakoni hubungan karo deweke sing ngakibatake Pandu mati. Madri
banjur melu bakar awake bareng karo pembakaran layone Pandu. Kunti luwih
mikirake nasibe anak-anake lan milih balik ning Hastina kaliyan Para Pandawa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar