Cerita
Wayang Ramayana : Sintha Kandhusta
Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang
kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya
hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari. Ngancik
telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat
kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa,
menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang
mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking
kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica
hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka
Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu
Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu
swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana,
supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana
tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama. Saiki, Rama sadar
menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni.
Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan.
Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati
kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka.
Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta.
Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa
supaya gugure Jatayu bisa sempurna. Awit saka panyuwune Rama lan
Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.
Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek
putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.
Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise
diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama
banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku
Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali
mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan
wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha, Sugriwa padu karo Subali,
Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi. Subali nduweni Aji
Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi
Raja maneh ing Guwakiskendha.
Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu
Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki
Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka.
Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong
nanging banjur mabur nggawa geni kanggo ngobong kraton Ngalengka, kajaba
taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake. Akhire, kedadean perang gedhe
Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane
Ngalengka wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek
balane Sugriwa, Senapati Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang.
Sawise perang Rama lan Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta
susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta
reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu
ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar