Langkah-langkah
Damel Gurit
Geguritan
yaiku salah sawijining sastra Jawa ingkang awujud puisi. Kayadene puisi-puisi
liyne, geguritan kang uga pinangka puisi kadhapuk saka unsur-unsur kang bisa
ditemokake lan dideleng ana ing geguritan iku dhewe, kang bisa kaarani unsur
intrinsik. Unsur intrinsik geguritan iku antarane tema, rima, gambaran
pangindran, lan amanat.
Langkah-langkah
Damel Gurit :
1. Nemtokake
Gaya Lan Tipe Gurit :
a. Epik
b. Naratif
c. Lirik
d. Dramatik
e. Didaktik
f. Satirik
g. Romance
h. Elegi
i.
Ode
j.
Hymne
2. Nemtokake
Tema Gurit
Tema
yaiku pokoking rembagan kang ndhasari gurit.
3. Nemtokake
Judhul Gurit
Judhul
Gurit iku nggambarake isi gurit.
4.
Nalika Nulis Gurit, Kita Kudu Nemtokake
:
a. Tembung
Kunci, yaiku tembung kang dadi kunci ing sawijining ukara, ing sawijining
baris, kang bisa dikembangake maneh supaya dadi ukara kang endah lan bisa
nggambarake isi kang dikarepake ukara ing baris mau. Tembung kunci kudu
sinambungan karo tema gurit kang digawe.
b. Pamilihing
Tembung/Diksi, yaiku nalika nggawe gurit, kita kudu milih tembung kang endah
nanging trep kanggo nggambarake gurit mau.
c. Nganggo
Gaya Bahasa :
·
Personifikasi
·
Hiperbola
·
Litotes
·
Ironi
·
Metafora
·
Metonimia
·
Anafora
·
Oksimoron
5. Nemtokake
Bait, Rima, lan Irama
a. Bait
yaiku saperangan larik kang ana kanggo ndukung pokok pikiran, kapisah saka
sawijining bait liyane.
b. Rima
yaiku pangulangan uni kanthi selang-seling. Biyasane ana ing larik utawa ing
pungkasaning larik, ing sawijining bait.
c. Irama
yaiku uni kang bisa nyiptakake unsur musikalitas saengga bisa gawe suwasana
kang nduweni nuwansa makna tartamtu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar