Jago
Kluruk
Dening
: Mbah Met
Pitik jago pewehe
Marjan sing wis dikurungi telung dina kuwi ilang amarga di culake. Senajan wis
diubeng-ubengake ning cagak ping telu minangka kanggo syarat supaya jagone
cepet ngomah, ananging pitik jago mau durung gelem ngomah (niteni panggonane
ing omah anyar). Setaun kepungkur nalika Marjan dadi buronan polisi merga
perkara adu jago nyatane dheweke banjur ditahan ana polres.
Marjan duwe anak
kuwalon gawane bojone sambung yaiku Tantri. Awit ditahan ana polres, Marjan
dadi arang bali ngomah amarga rumangsa isin karo anak bojo lan tangga-tanggane.
Nalika krungu kluruke si jago, kuping dadi panas arep nggoleki saka ndhi swara
kuwi mau. Jebul pitik jagone bali menyang kandhange sing lawas yaiku ana ing
omahe Marjan.
Nalika arep ngobori pitik jagone,
merga kahanan omahe Marjan sing peteng banjur rada kangelan. Sentolop sing
dinggo ngobori pitik malah keliru ngobori Tantri sing bar rampung adus. Kahanan
iku nggawe ora kepenak ing ati merga Tantri mung tapihan andhuk. Sing mbatiri
nggoleki pitik jago yaiku bojone Marjan jenenge Suprih.
Langit
tansaya peteng lan sing ana ngomah anamung Suprih, merga Tantri lagi tilik
simbahe. Dandane Suprih uga ora gelem kalah karo Tantri anake, dheweke nganggo
kaos ketat, celana pensil, lan rambute sing direbondhing marakake sok dianggep
adhek karo mbak ayune.Sing bisa mbedakake ya mung anane garis-garis umur kang
ngrenggani pipine. Kahanan saya panas nalika Suprih nggrayahi
sakojur awa’e sing dirambati cecak. Kaya-kaya suprih nekakake hawa napsu sing
ora karuwan rasane, getih lanang uga dadi umob nalika dheweke nyopot kaose
merga kewan cecak. Sentolop sing ngarahake ana ing awa’e Suprih antarane gigir
karo dhadhane mau ngilangake pikiran sawetara dadi arep adum seneng
bareng-bareng.
Pitik
jago wis ora gelem kluruk, omah dadi sepi nyenyet peteng ndhedhet. Sentolop uga
dadi nakal, merga sing diobori wis ora pitik maneh, tapi malah barang-barang
sing tumemplek ana ing awa’e Suprih. Ora
mikir apa akibate mengarep, tumindak bener utawa salah wis ora dipedulikake,
namung sing dirasakake iya puase batin.
Telung
sasi wis kepungkur, bakda isyak nalika lagi nekani acara kendhuren anake Pak
Guru Murbin, kang uga ketua RT. Sing lagi dadi pirembugan gayeng warga desa
yaiku ngenani masalah kluruke jago wanci surupe srengenge. Tengeran masyarakat
ngenani babagan mau yen ana jago kluruk wanci surup, ateges ing sakiwa tengene
kono ana wanita sing meteng tanpa nikah.
Sanalika
atiku dadi was-was lan pikiranku uga ruwet merga sing tak pikirake yaiku
anamung tumindakku karo Suprih wektu kae. Yen Suprih meteng mangka Marjan ora
bakal gelem ngakoni bayine, merga dhewekke ora tau bali ngomah. Aku wedi yen
bojoku ngerteni perkara iki. Aku ngalamun bingung nggolek cara supaya bisa
minggat.
Pak Murbin nangekake lamunanku kanthi
pitakonan kang nambah gawe kumesaring dhadha. Dheweke takon ngenani babagan
sing dirembug warga mau bengi pas nekani acara kendhuren. Nalika Pak Murbin
njaluk tanggapan saka aku, sanalika dadi kepikir yen apa sabenere Pak Murbin wis
mangerteni masalahku karo Suprih. Tapi aku tetep nutupi perkara panjang iki
kanthi rapet-rapet. Aja nganti aku kegiring marang tatanan rayuan pitakonan
sing ngancem keluargaku.
Saiki wis kejawab kabeh, yen jebul
pawongan sing ngrusak pager ayu iku Si Tantri karo babak kuwalone yaiku Marjan.
Sanalika krungu pranyatane pak Murbin, sirahku kaya digrujug es lan pamikiranku
dadi padhang njingglang. Aku bisa udud kebal-kebul nambah tentreme atiku karo
nunggu jago kluruk.
Sumber
: Panjebar Semangat Edisi 18 Mei 2013
Tidak ada komentar:
Posting Komentar