SEJARAH
GAMELAN JAWA
Gamelan Jawa iku sawijining utawa
corak gamelan kabudayan Jawa
Sing urip ing tlatah
Yogyakarta uga Jawa Tengah lan sabageyan Jawa Wetan. Gamelan saged dingge
ngiringgi mawarni-warni Kesenian Tradisional kayata dingge ngiringi Pagelaran
Wayang, Kethoprak, Jathilan lan kesenian tradisional liyanipun. Musik Gamelan
Jawa iki beda karo musik gamelan saka dhaerah liya, yen musik gamelan Jawa
lumrahenduwe nada luwih lembut, lembut lan nganggo laya luwih alon, beda karo
musik Gamelan Bali ingkang layane luwih cepet, uga musik gamelan sundha ingkang
rasa musikke “nglaras” banget (mendayu-dayu) lan didominasi swara suling.
Gamelan Jawa iku ndue
nada-nada pentatonis. Gamelan Jawa iku nduweni 2 laras yaiku: Laras Slendro lan
Laras pelog, Laras Slendro nduweni urutan nada-nada 123567, menawi Laras Pelog
nduweni nada-nada 123456. Gamelan Jawa ndue aturan-aturang ingkang wis pakem,
antarane katata saka pirang-pirang rambahan utawa puteran utawa pathet utawa
jero cetheking swara, uga ana aturan sampek utawa cepet rendhete laku sing wis
pakem, uga ana batesan-batesan Gongan lan melodine wis diatur nig
bageyang-bageyan sing saben-saben ketata saka 4 nada (gatra). Saben-saben
piranti ndue fungsi dewe-dewe sing nuntun swara yaiku rebab, sing nunutn irama
diarani kendhang.
Arane pemain sing nabuh
gamelan iku diarani pengrawit, panayagan utawa nayagautama wiyogo, sing nembang
priya diarani wira-swara, sing wanita arane pesinden utawa swarawati. Wonten
ing jaman modern iki, Gamelan menika kadang kala mboten dados remenipun para
mudha. Kathah para mudha ingkang mboten mangertos babagan gamelan amargi para
mudha wonten ing kasunyatan luwih kulina weruh utawa nyekel alat musik modern
kayata Gitar, Bass, Piano, Drum, Biola lan sakpanunggalanipun, tinimbang nyekel
utawa main alat musik Gamelan. Para mudha mboten gumyak pengen bisa maen
Gamelan, mbokmenawi Gamelan ing pikiran paramudha yaiku alat musik ingkang
ndadekke deweke katrok, cupu, lan ketinggalan jaman. Sedaya iku kleru Gaemlan
iku salahsetunggal alat musik ingkang kedhah diremeni uga dimangerteni tumrap
sedaya tiyang, Gamelan iku alat musik khas Jawa uga warisan budaya Indonesia.
Tumrap para mudha kedah
njaga gamelan caranipun inggih punika nyinauni lan mboten nduwe pepanggih
menawi Gamelan iku alat musik sing namung dimainke tiyang tua. Mboh kenging
menapa Gamelan mboten dadi tresnane para mudha, apa amarga maenke Gamelan angel
lang njlimet, sedaya iku butuh usaha lan kemauan. Menawi kita sampun usaha
temenan pengen maenke Gamelan, kita bakal bisa.
Ing jaman saiki? Kenapa mboten? Menawi ing Daerah istimewa Yogyakarta, sekolah-sekolah saka SD-SMP-SMA-SMK mangarsani alat musik tradisional inggih punika Gamelan. Mboten namun alat musik modern kemawon ingkang diajarken Bapak Ibu Guru. Saka mriku para siswa uga angsal ilmu saka alat musik Gamelan lan suwe-suwe para siswa bakal tresna marang Gamelan. Menawa mboten nggih kita tumrap para muda nggih saged mara wonten ing Sanggar-Sanggar karawitan wonten ing Yogyakarta, ten Kulon Progo nggih wonten kayata Sanggar Singklon sing nduwe Pak Jaka.
Ing jaman saiki? Kenapa mboten? Menawi ing Daerah istimewa Yogyakarta, sekolah-sekolah saka SD-SMP-SMA-SMK mangarsani alat musik tradisional inggih punika Gamelan. Mboten namun alat musik modern kemawon ingkang diajarken Bapak Ibu Guru. Saka mriku para siswa uga angsal ilmu saka alat musik Gamelan lan suwe-suwe para siswa bakal tresna marang Gamelan. Menawa mboten nggih kita tumrap para muda nggih saged mara wonten ing Sanggar-Sanggar karawitan wonten ing Yogyakarta, ten Kulon Progo nggih wonten kayata Sanggar Singklon sing nduwe Pak Jaka.
Aja
nganti alat musik Gamelan ical saking pikirane para mudha lan sedaya tiyang
Indonesia, kita mboten ampun kegiles karo alat musik modern ing jaman sakniki.
Kita kedhah bangga marang Gamelan land kedhah ngelestarikaken Gamelan. Aja
nganti negara liya ngrebut alat musik gamelan. Kita kedhah matenken menawi
Gamelan iku warisan nenenk moyang Indonesia, kula kadah pemanggih menawi
gamelan saged diakui wonten ing Mancaegara. Iki lho Kabudayan Indonesia
mliginipun kabudayan Jawa?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar