Minggu, 07 Desember 2014

Jinisipun Unen-unen



Unen-unen

1.      Parikan
Parikan yaiku unen-unen rong gatra. Wanda pungkasan pedhotaning gatra kang kapisan pocapane padha karo wanda pungkasan pedhotaning gatra kang kapindho. Gatra kang kapisan minangka purwaka, dene karepe ana ing gatra kang kapindho.
Bisa uga diringkes, menawa arep gawe parikan iku pathokane :
a.       Cacahe wanda ukara kapisan padha karo ukara kapindho.
b.      Ukara kapisan ukara bebuka, ukara kapindho isine.
c.       Tibane swara kapisan kudu padha karo ukara kapindho.
d.      Bisa kadadeyan saka 2 gatra utawa 4 gatra.
Tuladha :
a.       Kedadeyan saka 2 gatra :
Ø  Mlaku dhisik ora ngenteni, digawe becik ora niteni
Ø  Tela diiris-iris, gawe gela ora uwis-uwis
Ø  Pecut diseblakne, wis kebacut dikapakne
Ø  Timun segarane, terus mbangun negarane
b.      Kedadeyan saka 4 gatra :
Ø  Wajik klethik gula jawa
Luwih becik sing prasaja
Ø  Manuk emprit nucuk pari
Dadi murid sing teberi
Ø  Manuk tuhu mencok pager
Yen sinau dadi pinter

2.      Wangsalan
Wangsalan yaiku tetembungan utawa unen-unen sing saemper cangkriman nanging batangane wis dikandhakake ing ukara candhake. Mung anggone ngandhakake ora kanthi cetha, ning mung disebutake sawanda utawa luwih.
Manut pandhapuking ukara :
a.       Wangsalan Lamba
Ø  Mrica kecut, aja waton muni
Mrica kecut = wuni
Ø  Njangan gori, nganti judheg nggonku ngrasakake
Njangan gori = gudheg
Ø  Kukus gantung, sawangen ayuku iki
Kukus gantung = sawang
b.      Wangsalan Rangkep
Ø  Ancur kaca, peksi langking mangsa sawa
Rasakna, yen lagi nandhang dhukita
(ancur kaca = rasa, peksi langking = dhandhang)
Ø  Bayem arda, ardane ngrasuk busana = besus
Mari anteng, besuse saya ketara
(bayem arda = lateng, ngrasuk busana= besus)
Ø  Tampar aren, aren arab wijilira
Tindak-tanduk nora ninggal tatakrama
(tampar aren = duk, aren arab = kurma)
c.       Wangsalan Padinan
Wangsalan Padinan yaiku wangsalan sing prasaja ora disebutake batangane jalaran wong dianggep ngerti jawabane.
Ø  Mbok aja ngrokok cendhak ta mas !
(tegese = neges-neges)
Ø  Anggone ndeleng nganti ngembang duren 
      (dlongop = ndlongop)
d.      Wangsalan Edipeni
Wangsalan Edipeni yaiku  wangsalan sing mawa purwakanti guru basa. Tembung sing keri dhewe ing gatra kapisan, padha karo tembung ing wiwitane gatra kapindho.
Ø  Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka. (Kemadha, iket)
Ø  Para mudha, nggegulanga ngiket basa.
e.       Wangsalan Memet
Wangsalan Memet yaiku wangsalan anggone nggoleki batangane ambal kaping pindho lagi mangerteni karepe.
f.       Wangsalan kang tinemu ing tembang
Sinom
Tawon kangawisma kisma
Araning kang dhahar warih
Punika atur kawula
Konjuk mring raka sarimbi
Araning barang sami
Basa Jawa kinanipun
Kabar kawilujengan
Payon kertas barang remit
Pinayungan Hyang Widhi basu kyarja
Katrangan : tawon kang awisma kisma           = tawon tutur (tutur)
dhahar warih                               = ngunjuk
barang sami                                 = kembar
basa jawa kina                              = kawi
payon kertas                                = payung
barang remit                                 = wadi
g.      Wangsalan sing kanggo sasmitane tembang
Ø  Sumping sekar roning kamal (sinom)
Ø  Tambuh-tambuh nggenira wanuh (gambuh)
Ø  Lan sapiturute

Sumber : Modul Bahasa Jawa SMA kelas X1 tahun 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar