Kawruh
Basa
Puwakanthi
Purwakanthi kadapuk saka tembung purwa kang ateges
wiwitan/lekasan, lan tembung kanthi ateges gandheng. Tembung Purwakanthi duwe
teges unen-unen kang kagandheng kanthi runtut. Purwakanthi kaperang ana 3,
yaiku :
1.
Purwakanthi
Swara, yaiku unen-unen kang runtut swarane
Tuladha :
-
Susah bungah iku lumrah
-
Ana awan ana pangan
-
Gemi setiti ngati-ati
-
Desa mawa cara negara mawa tata
-
Saeka praya ing sedya
2.
Purwakanthi
Sastra, yaiku unen-unen kang runtut sastrane
Tuladha :
-
Sluman-slumun slamet
-
Sapa salah bakal seleh
-
Bobot bibit bebet
-
Tatas titis tetes
-
Sapa jujur bakal luhur
-
Tata titi tutug tatag tanggung tertib
-
Nalika kula kelas kalih kula kulak
kolang kaling
3. Purwakanthi Basa/Lumaksita, yaiku
unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra.
Tuladha :
-
Tepi wastra, wastra tumrap mustaka
-
Kolik priya, priyagung anjani putra
-
Janur gunung, gunung geni lor ngayogja
-
Jawa pinter, pintere satriya ing
Pringgodani
Sumber : Modul Basa Jawa Tatas Titis Tetes, SMA tahun
2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar