Asal
Usul Desa Pejaten Krikil
Dening
: Tri Setyoningsih
Jaman biyen ing taun 1400 Masehi, desa
Pejan ditekani wong saka Majapait jenenge Mbah Kyai Wongso Citra. Dheweke iku
isih keturunan para wali. Kekarepane mara ana ing desa Pejan, yaiku arep
nganakake kesenian tabuh gamelan Jawa (karawitan). Tujuwane uga arep ngenalake
budaya marang masyarakat supaya bisa ngerti yen wong Jawa iku nsugih kabudayan.
Salah sijine yaiku mau, kesenian nabuh gamelan (karawitan).
Sabenere ana maksud sing paling utama
saka eyang Kyai Wongso Citra. Sak liyane arep ngenalake kesenian Jawa, uga arep
manfaatake gamelan kanggo sarana prasarana nyiarake agama Islam. Ngerti kabar
iku, banjur para wali (wali sanga) teka ana ing desa Pejan kanggo nemoni eyang
Kyai Wongso Citra. Sunan bonang maringi wejangan-wejangan marang eyang anggone
nyiarake aga Islam lawan syi’ir kesenian karawitan. Durung kasi kelakon anggone
mujudake niat luhur kuwi mau, eyang Kyai Wongso Citra seda mulih ana ngarsane
Gusti. Para wali ngluru cara supaya niat kanggo nyiarake agama (dakwah lawan
syi’iran) tetep bisa kaleksanan.
Masyarakat ing desa Pejan ora mangerteni
apa sing kedadeyan ana desane. Ana ing makome eyang Kyai Wongso Citra iku ana
watu sing bentuke gamelan wujude bonang jumlahe 6. Merga pancen almarhum eyang
Wongso Citro iku seneng banget karo karawitan. Tiap malem jum’at, ing wetan
desa kana mesthi ana suwara wong nggepuki watu, jebule pancen ana para wali sing lagi pada mandek. Ora trima
pada mandek, nanging arep njaga desa Pejan lan nyambi gawe alat-alat saka watu
kaya lumpang, cowek, muthu, lan sak liyane. Mula dalan wetan desa Pejan iku
diarani andheg-andhegan.
Murid-muride eyang Kyai Wongso Cita uga
dipercaya para wali supaya bisa nerusake perjuwangan nyiarake aga Islam marang
anak putune. Wong-wong tonggo desa tansaya suwe tansaya akeh sing melu ngaji
maca sholawat lawan syi’iran. Suwene jaman tansaya maju, tinemu pikiran yen
ning desa Pejan kuwi akeh watu-watu sing bisa menehi manfaat kanggo gawe.
Kesadaran kanggo golek ilmu uga tambah apik perkembangane.
Desa
Pejan sing panggonane ana nggunung, nggawe masyarakat tangga desa kudu munggah
ondo ibarate. Mula pamikirane menawa arep maring desa Pejan sing akeh watu
krikile kuwi, kudu manjat dhuwur kanthi tlaten.merga ngono mula desaku sing
maune jenenge Pejan banjur malih dadi desa Pejaten Krikil.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar