Minggu, 11 Januari 2015

Carita Sejarah ing Kapustakan Jawi



Ringkesan Kapustakan Jawi


v  Mahabarata ingkang dipuncariyosaken damelanipun Resi Wiyasa, Jawinipun Abi Jasa. Punika wosipun nyariosaken lelampahanipun Para Pandawa saha Para Kurawa.

v  Ramayana nyariyosaken damelanipun Begawan Walmiki, menggah ing panangguh.

Serat-serat Jawi-Kina ingkang golongan sepuh ingkang kadamel kala atasan taun kepengker.

1)      Serat Canda-Kirana

Isinipun  piwulang tembang kaliyan kados dene Woordenboek, kadanguk cara Hindu ingkan memperipun Serat Jawi yaiku Serat Dasanama. Mawi nyebut namaning Ratu Crah Sailendra, ingkang ajasa candi kalasan.

2)      Serat Ramayana

Kadamel kala salebeting jumeneng Prabu Dyah Balitung, Ratu Binatara ingkang ngawastani tanah Jawa Tengah saha wetan, akadaton ing Nagari Mataram. Dipuncariyosaken punika anggelaraken lelampahanipun Prabu Rama, ing Ramayana DJ.K Sansekerta, Sang Sita sasampunipun kondur dateng Ayodya, lajeng pipisahan kaliyan Sang Rama ing Serat Ramayana DJ.K Sang Sita lajeng kempal malih kaliyan Sang Rama.

Kajawi punika Ramayana DJ.K bilih katandhing kaliyan Ramayana Walmiki, kalebet cekak sanget, boten ngandar-andar. Sarta sampun kasumerepan bilih bobonipun Ramayana DJ.K. punika pancen sanes Ramayana Walmiki. Menggah ungel-ungelanipun makaten “Sang Yogiswara Sista, Sang Suyana sudha manahira huwus malje sira” tegesipun : Sang pandita saya pinter, Sang Suyana dadi resik atine yen wis maca layang Ramayana iki.

3)      Sang Hyang Kamahayanikan

Ing wingking salebeting serat nyebut namanipun Ratu Jawi, Empu Sendok ingkang isinipun, wosipun wulangan bab agami Budha-Mahayana. Kathah ukaranipun Basa Sansekerta ingkang dipunterangaken ing Basa Jawa-Kina ingkang kathah mratelakaken raracikaning dewa-dewa ing Agami Mahayana.

4)      Brahmandapurna

Kenging dipunwastani barakan kaliyan serat Sang Hyang Kamahayanikan. Namung bedanipun, serat sang hyang kamahayanikan punika kitabipun tiyang Agami Budha-Mahayana, Serat Brahmandapurna punika kitabipun tiyang Agami Siwah, kacariyosipun Sang Romaharsana, kawruh dumadosing donya, kawantenaning alam, sejarahipun para Daksa andamel wilujengan, katrangan sawatawis bab paperangan bangsa (Brahmana, Satriya, Wesya, bab asrama (Brahmajari, Grehasta, Wanaprasta, Bhiksuka).

5)      Ayastyaparwa

Dapekanipun memper Serat Brahmandapurana isinipun yaiku Sang Dredhasyu matur taken dateng ramanipun Begawan Agastya, bab warni-warni. Ingkang katah ugi memper ingkang dipungelaraken wonten ing Serat Brahmandapurana, kados ta “punapa sabapipun dene Hyang minggah Suwarga utawi utawi kecemplung ing Neraka salebetipun jumenengipun Sang Prabu Dharmangsa – Teguh, Ratu ing tanah Jawa Wetan, punika bab Kapustakan Jawi mempeng sanget. Serat Mahabarata ingkang dipunjawakaken, mekaten ugi serat utara kanda.

6)      Uttarakanda

Ing purwakanipun mawi nyebut namanipun Prabu Dharmawangsa – Teguh. Isinipun yaiku petikan sangking cariyos Ramayana – Walmiki begawan ingkang pungkasan. Ana kene kacariyosaken : dumadosipura para danawa, leluhuripun Sang Dasamuka, lahiripun Dasamuka lan anggenipun Sang Dasamuka clunthangan dateng para dewa tuwin para pandita. Cariyosipun Arjunasasraban ugi kalebet. Namung wosipun nyariyosaken lelampahannipun Dewi Sinta. Sasampunipun kondur wonten ing Ngayodya, para kawula sami kirang seneng manahipun. Prabu Rama mituruti kajengipun rakyat Dewi Sinta dipegat lajeng katundhung. Kagungan putra kakung kembar, kaparingan nama Sang Kusa lan Sang Lawa. Radin kalah ingkang dipuncariyosaken kawulang dening Sang Walmiki anggancaraken lelampahanipun ingkang Rama, Prabu Rama dados cariyos Ramayana. Sinta dipuntimbali wangsul ana kadaton, konangan Siti, seda, Prabu Rama ugi lajeng seda ngenes.

7)      Adipurasa

Nyebut namanipun Prabu Dharmawangsa – Teguh, lampahan Dewi Lara Amis, Bale si Galagala, pejahipun Arimba, peksi jiwata, pendetan saking serat Adipurwa. Cariyos ngebur saganten presan, anjalari medalipun toyo panggesangan, saha wiwitipun wonten grahana srengenge, rembulan dipunteda ing danawa sirah tok.

8)      Sabhaparwa

Basa gancar ana ing cariyos Mahabarata dados bagejan ingkang angka kalih. Isinipun cariyos ingkang ingkang dados lampahan Pandawa Dadu.

9)      Wirata Parwa

Gancar ana cerita Mahabarata, isinipun Para Pandawa andelik ngenger dhateng Ratu Wirata, menawi ngantos kasumerepan bade kenging ukum bucal malih 12 taun. Salebeting wonten ing Wirata Sang Yudistira dados tukang masak saha tukang gelut nama Sang Ballawa, Sang Arjuna dados tiyang wandu nama Sang Wrehannala, damelanipun ngajar njoget saha tembang, Sang Nakula

10)  Kresnaya, Mawi Sekar

Serat punika anyariyosaken wosipun lelampahanipun Prabu Kresna nalika ambradat Dewi Rukmini. Dewi Rukmini putranipun Prabu Bismaka ing nagari Kudina, sampun kapajengaken kaliyan Sang Suniti ratu ing nagari Cedi, nanging ibu yaiku Dewi Pretukirti kepengin kagungan mantu Prabu Kresna. Sang Suniti kaliyan Sang Dyarasanda, smi dateng ing Kundina. Prabu Kresna langsung diaturi dateng marang panganten putri, sareng saweg rame-ramenipun midodareni. Panganten kakung saha bala tuwin Raden Rukma. Ingkang Rayi penganten putri, sami nututi, perang. Raden Rukma lan Sang Suniti kirang sekedik kemawon katot pejah. Dewi Rukmini nyuwun gesangipun ingkang rayi dateng Prabu Kresna, Sang Putri lajeng terus kabekta kondur dateng nagari Dwarawati. Cariyos wonten ing wayang dados lampahan Kresna-Kembang.

11)  Sumansantaka, Mawi Sekar

Serat punika anyariyosaken wosipun lahiripun Prabu Dasarata ing Ngayodya. Widadari Dewi Harini dipun-utus Batara Indra supados anggoda Begawan Trenawindu sing lagi tapa. Putranipun Prabu Karthakesika yaiku Indumati ingkang dados putri ing nagari Widarbha. Ingkang dados pangganti Prabu Karthakesika yaiku putra ingkang kakung nama Prabu Bodja. Sang Adja menang sayembara banjur nikah kaliyan Sang Indumati. Kagungan putra kakung ingkang kaparingan nama Sang Dasarata.

kajupuk saka buku Kapustakan Jawi

Piwulang



NGELMU KYAI PETRUK

Kuncung ireng pancal putih,
Swarga durung weruh,
Neraka durung wanuh,
Mung donya sing aku weruh,
Uripku aja nganti duwe mungsuh.


Ribang bumi ribang nyawa,
Ana beja ana cilaka,
Ana urip ana mati,
Precil mijet wohing ranti,
Seneng mesti susah,
Susah mesti seneng,
Aja seneng nek duwe,
Aja susah nek ora duwe.


Senenge saklentheng susahe sarendheng,
Susah jebule seneng,
Seneng jebule susah,
Sugih durung karuan seneng,
Ora duwe durung karuan susah,
Susah seneng ora bisa disawang,
Bisane mung dirasakake dhewe.


Kapiran kapirun sapi ora nuntun,
Urip aja mung nenuwun,
Yen sapimu masuk angin tambanana,
Jamune ulekan lombok,

Bawang uyah lan kecap,
Wetenge wedhakana parutan jahe,
Urip kudu nyambut gawe.


Pipi ngempong bokong,
Iki dhapur sampurnaning wong,
Yen ngelak ngombea,
Yen ngelih mangana,
Yen kesel ngasoa,
Yen ngantuk turua.


Pipi padha pipi,
Bokong padha bokong,
Pipi dudu bokong,
Onde-onde jemblem bakwan,
Urip iku pindha wong njajan,
Kabeh ora bisa dipangan,
Miliha sing bisa kepangan,
Mula elinga dhandhanggulane jajan.


Pipis kopyor sanggupira lunga ngaji,
Le ngaji nyang be jadah,
Gedang goreng iku rewange,
Kepethuk si alu-alu,
Nunggang dangglem nyengkelit lopis,
Utusane tuwan jenang,
Arso mbedhah ing mendhut,
Rame nggennya bandayudha,
Silih ungkih tan ana ngalah sawiji,
Patinira kecucuran.


Ki Daruna Ni Daruni,
Wis ya, aku bali menyang Giri,
Aku iki Kyai Petruk ratuning Merapi,
Lho ratu kok kadi pak tani?,

WEJANGAN URIP

Labeting kartiyasa punika
Awit saking pambudayaning gita dursila
Rinuwat kanthi mrihatini adrenging karsa
Ngubara lan ngumbara miyat dumununging kamitran.


Amangsuli prahara bebendu ageng
Tan ginayuh hastaning mamilat brata
Wosing rasa kang ginubel graito
Graitaning karsa, dumununging cipta.


Tan ana angkara
Tan ana rubeda
Tan ana dursila
Tan ana tandang duraka.


Jejer anyar
Gagrak anyar
Titah anyar
Jagad anyar
Sarwa gumebyar
Tan ana kang samar
Tansah suminar
Magilar-magilar
Anggelar tulusing nalar.


Budi pinilih, luhur angarih-arih
Masa wurunga karsaning Jati
Hangesti drajading titah
Hawya miruda kang kinarsa ing Allah
Kabeh saka telenging jangkah
Kabeh awit gumelaring pratingkah
Kabeh ngemu tulusing ibadah.


Ngaminana marang donga kang pinuji
Kunjuk Ing Ngarsaning Maha Ji
Humangkara
Humangrasa
Hamungwat trikarsa
Hamungwing baskara
Hamungwing jumantara.


Ngadep Rabbul Ngalamin
Welasing Gusti
Ingkang Maha Sih.

Muliha, muliha, muliha
Muliha mring pancardriya
Balia mring panaraga.


Mawanti-wanti, angati-ati
Aja kongsi keri nunggang jung baitagung,
Kang dinayung malaikat hambaruyung
Dipandhegani dening para nabi
Sinangga mring para wali.


Kinebakan jamna utami
Mulyaning manusa jati
Kang pinilih dening Gusti
Kapilah saking ngalamipun
Awit driyanira mung nyawiji,
Kabeh kagungane Allah.


Mula aja noleh
Mula kudu mantheng
Katuta baitagung
Nyuwuna palilahe Hyang Agung
Awit kuwi Kagunganipun.


Aja ninggal trapsila
Aja nggugu kersaning pribadi
Aja dumeh wus katam kitabe
Najan wus apal dongane
Najan wus guntur sujude
Ning durung kaparingan ridhaning Allah.


Mula dudu rapale, ning atine
Mula dudu wujude, ning lire
Mula dudu jlegere, ning makripate.


Poma, sindukara karaning ronsih
Sawunging swara sawang suwung
Gebyaring gebyur gambyong grambyangan
Rinakit, rinasa, rapita, retyakaning radya.


Jung, jung baitagung
Wus tinata ambaruyung
Lir grimis handaridis
Re-rep pantiarsaning resep
Pindha tilasing atilas tulus.


Tlusurana sing tlaten
Anggita gitaning suksma
Andungkap sunaring padhang
Njingglang ngawang-awang.


Hamung sawiji kang kinanthi
Wahyuning Hyang Widhi,
Kang pinuji-puji.
Wus pupus barang kalire.


Sabtu, 10 Januari 2015

Cerkak Sing Nggambarake Kahanan Donya



Pahlawane Para Manungsa
Dening : Tri Setyoningsih

Tikus mati lenge yen diibaratake ing wayah kuwi nalika para manungsa ora padha metu saka omahe. Jum’at sore ngepasi aku bali pramuka udane deres ora terang-terang. Kahanan kuwi nggawe aku bingung merga yen arep ngoyos rasane eman yen seragame teles. Kanca-kancaku sing padha nggawa payung wis bisa bali lan sekolahan tansaya sepi. Aku mung bisa ngalamun shendhenan ing ngarep lawang ruang kelasku. Muga-muga enggal terang sak durunge maghrib, iku panyuwunan sing dadi pangarep-arep supaya aku bisa enggal bali.
Sekitar jam lima udane durung terang, nanging aku kudu bali supaya bapak lan ibu ora bingung. Ngadhepi adzan maghrib aku lagi tekan kreteg wetan desa lan ing kono dalan wis sepi banget dadi medeni. Aku mlayu megap-megap karo jindhelen merga kubyur seragam pramuka lan tas sak isine padha teles kabeh. Pancen abot yen tak rasakake dadi anak pembarep kuwi. Aku kudu bisa dadi pangayom kanggo kaluwarga lan adhi-adhiku. Nalika kaluwargaku ngadepi masalah, aku kudu bisa menehi panglipur dhateng ibu supaya ngolehake kasarasan gesang.
Bapakku jenenge Suyitna asli saka daerah Wleri, lan Ibuku Murtini uga asli saka daerah nggunung yaiku Dusun Pejaten Krikil. Saiki aku bareng wong tuwa lan adhi-adhiku manggon ing Dusun Pejaten Krikil. Aku sekolah ing SMA N 1 Sukorejo wis kelas XI. Adiku telu lanang siji wadon loro. Adiku lanang sing jenenge Andik namung lulusan SMP thok. Saiki dadi bocah sing mbangkakake wong tuwa. Aku uga kudu sabar ngadhepi adhiku kuwi. Merga wis angel dikandhani.
Vina lan Vani adhiku wadon iku kembar ananging saiki ora bareng sekolahe amarga nunggak kelas. Vina wis kelas IX SMP lan Vani isih kelas VIII SMP. Kabeh padha sekolah ing SMP N 1 Pageruyung. Ing sawijining dina bapak menehi pitutur marang Andik
“Ndik, saiki rak wis ora sekolah ta? Karepe bapak ya aja mung runtang-runtung ing omah wae.” Kandhane bapak alon.
“Iya pak, pancen aku durung karep kerja.” Mengkono jawabe Andik.
“Nek pancen ngono ya ora apa-apa. Namung pangarep-arepku marang kowe nang, aja nganti mbesuk dadi bocah sing ora migunani kanggo awakmu dhewe lan luwih-luwih kanggo wong liya merga ora nduwe masa depan.
“Porah pak mumpung ijik nom, aku arep ngrasakake urip bebas lan lumrah kaya bocah liyane.” Andik wiwit ketara watake.
“Iya nang iya. Apa ngene wae, saiki kowe tak pondhokake ing Jawa Timur lan ora usah mikir kepriye butuhanmu mengko tak usahakake tak sediyani saben sewulan sepisan.”
Andik wis rada gelem mikir merga iming-iming saka bapake. Aku rumangsa anak paling gedhe rasane ora lila yen bapak janji marang Andik kaya mangkono.
“Pak menapa sampun dipuntimbang kanthi leres pak janjinipun panjenengan marang Andik?” Mengkono pitakonku marang bapak nalika lungguhan ing ruang tengah kanthi adhep-adhepan ngungkurake TV.
“Porah ndhuk, bapak tak usaha sak kuwate donya iku bisa digoleki sing penting adhimu kae dadi bocah sing bener. Bapak ora seneng yen Andik gaweyane gitaran ing prapatan bareng kanca-kancane kuwi wong tuwane ora bisa ndhidhik wae.”
“Nggih sampun menawi makaten keputusan saking bapak, mugi-mugi tansah dipunridhai dening Gusti Allah Pak. Amin.” Aku lan Bapak ndonga bareng muga-muga sawise Andik merguru sinau agama ing Pondok Pesantren Jawa Timur kana sipate dadi luwih apik lan sopan marang wong tuwa.
Lanang wadon iku pancen beda. Sak mbeler-mbelere bocah wadon mesthi ora kaya bocah lanang. Vina lan Vani alhamdulillah manut marang wong tuwa, yen dikandhani uga bisa ditata. Nanging Vani minangka anak sing metune keri dhewe lan digemateni dening ibu malah dadi rada nakal. Dheweke uga isih mbok-mboken lan durung gelem mandiri. Senenge nangis karo guling nalika njaluk duwit ora diwenehi. Andik bisa dadi bocah sing kaya ngana sipate ya merga kerusak dening kanca-kancane. Kabeh iku merga srawung lan kumpule marang kanca-kancane saben dina, mula jaman saiki kudu bener-bener bisa milih kanca sing kena dijak bareng kanggo tumindak becik.
Lumrahe sipate ibu iku nalika ngadhepi masalah biyasane gampang emosi, nanging ibuku ora mengkono. Dheweke luwih kerep ngangkluh karo bapak tinimbang melu perkara sing bakal dadi lara pikir. Bapak lan ibuk padha-padha sabar nalika ngadhepi masalah luwih-luwih perkara anak. Manungsa namung bisa usaha lan sabar merga dalan urip wis ana sing ngatur. Saiki kepriye carane usaha kanggo nyenengake wong tuwaku, sabisa-bisane aku arep nggawe bangga wong tuwaku. Anak ora bakal bisa ngganti jasane wong tuwa, sing dikarepake namung sipat becike anak marang tuwa lan wong liyan. Disekolahake supaya bisa ngerti  ilmu pendidikan umum lan mbentuk karakter sing apik saengga bisa migunani kanggo wong tuwa, agama, lan bangsa.
Telung wulan lawase Andik ngaji ing Pondhok Jawa Timur. Dheweke sabenere ora krasan nalika ngomong marang aku. Nanging saiki wis rada sadar lan ngakoni salahe. Saiki uga sregep sholate lan sopan marang bapak uga ibu. Iku salah siji carane bapak kanggo Andik supaya bisa ngadohake saka srawungane sing tumindake ora becik.
“Nang kepriye rasane urip adoh saka wong tuwa?” Pitakone bapak marang Andik
“Hee.., pripun nggih pak, bingung kados tiyang ical kemawon menawi.” Jawabane Andik sumeh
“Hahaha.., ya ora apa-apa nang bapakmu iki bisa ngerteni. Ananging rak ya krasan ta?”
“Nggih pak alhamdulillah.”
“Bapak lan ibu seneng weruh kowe bisa ngaji saiki, ilat karo kupingmu ya saiki wis bener lumrah kaya sak mesthine, ora kok di pasangi tindhik kaya wong wadon wae.” Bapak ngajak Andik gluwehan
“Lhah bapak nggih kados makaten, hehehee...” Andik gemuyu marang bapake
Kebenaran aku krungu nalika Andik lan bapak lagi omong-omongan ing ngarep omah kuwi wis krasa anget ing kuping. Rasane kemrenyes ati iki sing ditambah weruh gemuyune ibu kanggo aku nandhakake yen dheweke lagi ngrasakake seneng.
Mangkono kuwi mau pungkasane crita cekak sing bisa tak tulis. Njupuk saka pengalaman ing sekitarku wae ora adoh-adoh. Arep kaya apa dadine anak iku saka usahane wong tuwa. Sabar lan ikhtiar sawise usaha dhisik. Aja gampang nyerah marang keadaan urip sing kaya apa wae. Diibaratake ngopeni wit jagung utawa pari sing ambruk merga kenang angin. Wit jagung utawa pari iku aja enggal ditugel wae utawa di bedhol, ananging diusahani, ditirakati kepriye carane supaya bisa tetep urip. Lhah, kuwi gambarane wong tuwa sing lagi ngopeni anak supaya bisa guna ing uripe. Sawise usaha, sabar lan ikhtiar yen mengkone anak kuwi dadi bocah sing kaya apa wis kabeh diserahake marang Gusti Allah amarga wis ana dalane dhewe.



Rabu, 07 Januari 2015

Piwulang ing Serat Wulangereh



SERAT WULANGEREH


Serat Wulangreh ngrupiaken satunggaling genre salebeting khasanah sasra Jawi, sanajan mboten sedanten kalebet teng saleneting teks wulang sacaos sinurat anyebat atanapi kasebat teng tembung wulang kados dening kang wonten teng judull punika. Sacaos harfiah, ‘wulang‘ artosipun weling atanapi wawaler.

wonten pinten-pinten teks kang kalebet teng salebeting wulang, di antawiseWulangreh, Wulang Putri, Wedhatama, Tripama, lan Sanasunu. Teks-teks ingkang kasebat punika katahe ngrupiaken asil susastra keraton, ingkang kawentar ngantos tebih sajawining tembok keraton salebeting tataran kabudayan Jawi, sanajan lami-lami sacaos alon-alon pupus dening dinamika kabudayan sastra Jawi ing atasing “Kebudayaan Indonesia”. Mangga sami-sami mulasara kabudayan Jawi punika.

PUPUH I

DHANDHANGGULA

01

Pamedare wasitaning ati, cumanthaka aniru Pujangga, dhahat mudha ing batine, nanging kedah ginunggung, datan wruh yen keh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padhanging sasmita.

Uraian nasihat ini bermula dari kelancangan hati berniat meniru para pujangga, padahal (aku) sangatlah bodoh. Tetapi karena ingin disanjung, tidak tahu jika kelak banyak yang mencibir. Memaksakan diri untuk menciptakan, (meski) dengan bahasa yang kacau balau bahkan tersia-sia, namun (hal ini) kususun dengan teliti dan sabar, semoga isyarat ini menjadi jelas.

02

Sasmitaning ngaurip puniki, apan ewuh yen nora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.

Isyarat dalam kehidupan ini, tidak mungkin kau pahami jika kau tak mengetahuinya, tidak akan memiliki ketenangan dalam hidupnya. Banyak yang mengaku dirinya sudah memahami isyarat (dalam hidup), padahal belum mengolah rasa, inti dari rasa yang sesunguhnya. Oleh karena itu, berusahalah (memahami makna rasa itu), agar sempurna hidupmu.

03

Jroning Kur’an nggonira sayekti, nanging ta pilih ingkang uninga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, temah sasar-susur, yen sira ayun waskita, sampurnane ing badanira, punika sira anggegurua.

Di dalam Al-Quran tempatmu mencari kebenaran sejati, hanya yang terpilih yang akan memahaminya ,kecuali atas petunjuk-Nya. Tiadk boleh dicampur-adukan, tak mungkin kau temukan (kebenaran isyarat), bahakan kau semakin tersesat. Jika kau menghendaki kesempurnaan dalam dirimu, maka bergurulah.

04

Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang ngirangi, sukur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.

Meskipun begitu, jika engkau berguru, Nak. Pilihlah guru yang sebenarnya, tinggi martabatnya, memahami hukum, dan rajin beribadah. Syukur-syukurjika kau temukan seorang pertapa yang tekun dan tidak mengharapkan imbalan orang lain, dia pantas kau gurui. Serta ketahuilah

05

Lamun ana wong micareng ngelmi, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang, prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, myang kiyase papat iku salah siji, anaa kang mupakat.

Jika seseorang berbicara tentang ilmu, tetapi tidak sesuai dengan empat hal, janganlah engkau terlalu cepat menganggap benar adanya. Saringlah agar bening dan ukurlah dengan empat hal, yaitu dalil, hadis, ijmak, dan kiyas. Salah satu dari keempat hal itu harus ada yang sesuai.

06

Nora kena lamun den antepi, yen ucula sing patang prakara, nora enak legetane, tan wurung ningal wektu, panganggepe wus angengkoki, nora kudu sembahyang, wus salat katengsun, banjure mbuwang sarengat, batal karam nora nganggo den singgahi, bubrah sakehing tata.

 Tidak boleh kau terima (isyarat) jika lepas dari empat hal tadi, karena biasanya tidak baik. (kau akan) merasa sudah menjalankan ‘laku’ sehingga yidak harus sembahyang, akhirnya meninggalkan syariat, tidak perlu tahu mana yang haram dan batal. Hal itu akan merusak aturan.

07

Angel temen ing jaman mangkin, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong njaja ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawene sarak, den arani luput, nanging iya sasenengan, nora kena den uwor kareping janmi, papancene priyangga.

Memang sulit mencari seseorang yang patut kau gurui di zaman ini. Banyak yang menjajakan ilmu tetapi jarang yang mengikutinya. Jika seseorang berilmu dan menjalankan lakunya dengan benar, malah  dianggap salah. Namun itu hak masing-masing, tidak boleh kau samakan keinginan orang, masing-masing memiliki perbedaan.

08

Ingkang lumrah ing mangsa puniki, apan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik tingale, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang padha ngupaya, kudu anggeguru, samengko iki tan nora, Kyai Guru naruthuk ngupaya murid, dadiya kanthinira.

Yang biasa terjadi pada masa kini adalah guru yang mencari murid, itu tampak sangat ironis dengan kebiasaan yang terjadi di masa lalu. Zaman dulu murid yang berusaha mencari dan harus berguru, sekarang tidak begitu, malah guru yang ke sana ke mari mencari murid. Jadikan sebagai pengangan (kanthinira merupakan isyarat pola tembang berikutnya, yaitu Kinanthi). 

PUPUH II

K I N A N T H I

01

Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.

Kalian biasakanlah megasah kalbu, agar (pikiranmu) tajam menangkap isyarat, jangan hanaya selalu makan dan tidur, jangkaulah sikap kepahlawanan, latihlah dirimu dengan mengurangi makan dan minum.

02

Dadiya lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lawan aja asukan-sukan, anganggoa sawatawis, ala watake wong suka, suda prayitnaning batin.

Jadikan sebagai lelakon, kurangi makan dan tidur, jangan gemar berpesta pora, gunakan seperlunya (karena) tabiat orang yang gemar berpesta pora adalah berkurangnya kepekaan batin.

03

Yen wus tinitah wong agung, aja sira gumunggung dhiri, aja raket lan wong ala, kang ala lakunireku, nora wurung ngajak-ajak, satemah anenulari.

Jika kau sudah ditakdirkan menjadi pembesar, janganlah menyombongkan diri, jangan kau dekati orang yang memiliki tabiat buruk dan bertingkah laku tidak baik, sebab suka atau tidak suka (hal itu) akan menular padamu.

04

Nadyan asor wijilipun, yen kelakuane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi misil, iku pantes raketana, darapon mundhak kang budi.

Sekalipun berasal dari keturunan kelas bawah, namun memiliki kelakuan yang baik atau memiliki banyak cerita yang berisi (berguna), dia patut kau gauli, (hal itu) akan menambah kebijaksanaanmu.

05

Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh bangsat, nora wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung bisa maling.

Jika masih muda, biasanya mengikuti lingkungan, jika di lingkungan itu banyak penjahat, maka jahatnla ia. Jika di lingkungannya banyak pencuri, maka ia pun pandai mencuri.

06

Sanadyan ta nora melu, pasthi wruh solahing maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha nuli bisa, iku panuntuning eblis.

Meskipun tidak ikut (mencuri) pasti mengetahui bagaimana cara mencuri. Demikanlah (karakter) semua perbuatan jelek, awalnya hanya tahu, kemudian bisa melakukan, itulah bujukan iblis.

07

Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung kalakyan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mupangati badaneki.

Perbuatan yang benar itu akan mudah jika sudah dilaksanakan, terasa sulit jika belum dilakukan, enggan melaksanakan, namun jika dilakukan (hal itu) akan bermanfaat bagi jiwa raga kita.

08

Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor kang den simpar, umbag gumunggunging dhiri, obral umuk kang den gulang, kumenthus lawan kumaki.

Para pemuda di masa sekarang meninggalkan sopan santun dan rendah hati, sebaliknya mengumbar kesombongan dan tinggi hati.

09

Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku wewatone uga, nom-noman adoh wong becik, emoh angrungu carita, carita ala miwah becik.

Tidak mengenal teman satu sama lain, kurang ajar, dan congkak, itu juga kebiasaannya, para pemuda menjauhi orang yang berperilaku baik, tidak mau mendengar cerita yang baik maupun cerita yang jelek.

10

Cerita pan wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener ala lan ora, kalebu jro cariteki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den kawruhi.

Adapun erita yang sudah terjadi, adalah perbuatan baik dan buruk, tingkah laku benar dan tidak benar termasuk ke dalam jenis cerita, oleh karena itu disebu cerita, selurihnya harus kau ketahui.

11

Mulane wong anom iku, abecik ingkang taberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.

Oleh karena itu, sebagai pemuda seharusnya rajin berkomunikasi dan berembug dengan orang tua yang banyak bicara. Ingat, bicara itu banyak macamnya, ada yang baik, ada pula yang buruk.

12

Ingkang becik kojahipun, sira anggoa kang pasthi, ingkang ala singgahana, aja sira anglakoni, lan den awas wong akojah, iya ing masa puniki.

Pastikan kau ikuti pembicaraan yang baik, yang kurang baik singkirkan, jangan kau lakukan, meskipun begitu, di masa sekarang waspadalah setiap orang bicara.

13

Akeh wong kang sugih wuwus, nanging den sampar pakolih, amung badane priyangga, kang den pakolehaken ugi, panastene kang den umbar, nora nganggo sawatawis.

Banayak orang yang pandai bicara namun pembicaraannya itu dibungkus dengan maksud untuk mementingkan diri sendiri, hanya dirinya yang diuntungka, mengumbar kedengkian tanpa batas.

14

Aja ana wong bisa tutur, amunga ingsun pribadhi, aja ana ingkang memadha, angrasa pinter pribadhi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes den pareki.

Jangan ada orang yang dapat berbicara kecuali dirinya sendiri dan jangan ada yang meyamai, merasa paling pandai, itu adalah perilaku setan, tidak pantas kau dekati.

15

Sikakna di kaya asu, yen wong kang mangkono ugi, dahwen apan nora layak, yen sira sandhinga linggih, nora wurung katularan, becik singkirana ugi.

Jika kau temui orang seperti itu, usirlah seperi kau menghalau anjing, dia tak patut kau dekati apalagi menemaninya duduk, niscaya kau akan ketularan, lebih baik hindarilah.

16

Poma-poma wekasingsun, mring kang maca layang iki, lair batin den estokna, saunine layang iki, lan den bekti mring wong tuwa, ing lair praptaning batin.

Bagi ayang membaca surat ini, perhatikan dengan sungguh-sungguh nasihatku ini, patuhilah secara lahir dan batin, laksnakan apa yang tertulis dalam surat ini, dan berbaktilah terhadap orang tua, lahir dan batin.

PUPUH III

G A M B U H

01

Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur, tanpa tutur katula-tula katali, kadaluwarsa kapatuh, katuruh pan dadi awon.

Sekar gambuh pola yang keempat,  yang menjadi bahan perbincangan adalah perlaku yang tidak teratur, tidak mau mendengar nasihat, semakin lama semakin tak terkendali, hal ini akan berakibat buruk.

02

Aja nganti kabanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur sayekti kojur tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.

Jangan sampai kau terlanjur dengan tingkah polah yang tidak jujur, jika sudah telanjur akan mecelakakan, dan hal itu tidak baik. Oleh karena itu, berusahalah ajaran yang sejati.

03

Tutur bener puniku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong sudra papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo.

Ajaran yang benar itu patut kau ikuti, meskipun berasal dari orang yang rendah derajatnya, namun jika baik dalam mengajarkan, maka ia pantas kau terima.

04

Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang kidang adigung pan esthi, adiguna ula iku, telu pisan mati sampyoh.

Ada kiasa yang berbunyi adiguna, adigang, adigung, adigang kiasan kijang, adigung kiasan gajah, dan adiguna kiasan ular. Ketiganya mati bersamaan.

05

Si kidang ambegipun, angandelaken kebat lumpatipun, pan si gajah angandelken gung ainggil, ula ngandelaken iku, mandine kalamun nyakot.



Tabiat si kijang adalah menyombongkan kecepatannya berlari, si gajah menyombongkan tubuhnya yang tinggi besar, sedangkan si ular menyombongkan bisaya yang ganas bila menggigit.

06

Iku upamanipun, aja ngandelaken sira iku, suteng nata iya sapa kumawani, iku ambeke wong digang, ing wasana dadi asor.

Itu semua hanya perumpamaan, janganlah kau menyombongkan diri karena putra raja sehingga merasa tidak mungkin ada yang berani, itu tabiat yang adiganng, ujung-ujungnya merendahkanmu.

07

Adiguna puniku, ngandelaken kapinteranipun, samubarang kabisan dipundheweki, sapa bisa kaya ingsun, togging prana nora enjoh.

Watak adiguna adalah menyombongakan kepandaiannya, seluruh kepandaian adalah miliknya. Siapa yang bisa seperti aku, padahal akhirnya tidak sanggup.

08

Ambek adigung iku, angungasaken ing kasuranipun, para tantang candhala anyenyampahi, tinemenan nora pecus, satemah dadi geguyon.

Tabiat orang adigung adalah menyombongkan keperkasaan dan keberaniannya, semuanya ditantang berkelahi, bengis, dan suka mencela. Tetapi jika benar-benar dihadapi, ia tak akan melawan, bahkan jadi bahan tertawaan.

09

Ing wong urip puniku, aja nganggo ambek kang tetelu, anganggowa rereh ririh ngati-ati, den kawangwang barang laku, kang waskitha solahing wong.

Dalam kehidupan, jangan kau kedepankan tiga tabiat tersebut, berlakulah sabar, cermat, dan hati-hati. Perhatikan segala tingkah laku, waspadai segala perilaku orang lain.

10

Dene tetelu iku, si kidang suka ing panitipun, pan si gajah alena patinireki, si ula ing patinipun, ngandelaken upase mandos.

Dari ketiganya itu, si kijang mati karena kegembiraannya, gajah mati karena keteledorannya, sedangkan ular mati karena keganasan bisanya.

11

Tetelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane wong anom kurang wewadi, bungah akeh wong kang nggunggung, wekasane kajalomprong.

Ketiganya tidak patut kau tiru, kalau kau tiru akibatnya akan buruk. Ciri-ciri pemuda adalah tidak dapat menyimpan rahasia , senang bia banyak yang menyanjung yang akhirnya menjerumuskan.

12

Yen wong anom iku, kakehan panggunggung, dadi kumprung, pengung bingung wekasane pan angoling, yen ginunggung muncu-muncu, kaya wudun meh mencothot.



Jika pemuda terlalu banyak sanjungan, maka ia menjadi tolol, tuli, dan bingung, akhirnya mudah diombang-ambingkan, jika sedang dimuji, maka monyong seperti bisul yang hampir meletus

13

Dene kang padha nggunggung, pan sepele iku pamrihipun, mung warege wadhuk kalimising lathi, lan telese gondhangipun, reruba alaning uwong.

Adapun yang senang menyanjung sangat sederhana keinginannya, yaitu kenyang perut, basah lidah dan tenggorokan dengan menjual keburukan orang lain.

14

Amrih pareke iku, yen wus kanggep nuli gawe umuk, pan wong akeh sayektine padha wedi, tan wurung tanpa pisungsung, adol sanggup sakehing wong.

Supaya dekat (dengan atasan). Jika sudah terpakai kemudian membuat ulah dengan membuat orag menjadi takut sehingga ia menerima upeti dari hasil menjual kemampuan orang lain.

15

Yen wong mangkono iku, nora pantes cedhak lan wong agung, nora wurung anuntun panggawe juti, nanging ana pantesipun, wong mangkono didhedheplok.

Orang seperti itu tidak pantas untuk berdekata dengan pembesar karena dapat mendorong untuk berbuat jahat. Meskipun begitu tetap ada kepantasannya, yaitu ditumbuk.

16

Aja kakehan sanggup, durung weruh tuture agupruk, tutur nempil panganggepe wruh pribadi, pangrasane keh kang nggunggung, kang wus weruh amalengos.

Jangan terlalu merasa tahu banyak. Belum melihat dengan mata kepala sendiri tetapi banyak berbicara, bahkan hanya dengan mendengar seolah-olah mengetahui sendiri. Dikiranya banyak yang menyanjung, padahal yang mengetahuinya akan memalingkan muka.

17

Aja nganggo sireku, kalakuwan kang mangkono iku, nora wurung cinirenen den titeni, mring pawong sanak sadulur, nora nana kang pitados. 

Oleh karena itu, Nak. Jangan kau bersikap seperti itu karena pasti akan mencadi catatan dalam hati sanak saudara. Mereka tidak akan percaya lagi kepadamu.