SEJARAH
WAYANG
Miturut para
ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing
Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono
biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu
Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening
bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu
kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme
sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.
Miturut kapercayan Animisme roh
nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo
kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane
menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake
gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo
nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual
selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada
seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara ritual mau
dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang.
Kira-kira awalane tahun masehi, kaya
sing dicritakake karo dening para ahli sejarah mau, bangsa Hindu sing asale
soko jazirah India akeh pada teka dadi ”imigran” menyang Indonesia. Bareng
suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki
akhire iya bisa diterima karo dening penduduk asline Indonesia.
Ing sakjroning jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo
kalangan bangsawan sing sakteruse banjur mempengaruhi basa asli Jawa lan Bali.
Ing kene kesenian wayang karo bangsa Hindu dienggo wadah ngembangake lan
wedharake budaya agama Hindu lewat crita Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe
kahanan kaya mangkono kuwi sing sakbanjure ndadekake campur lan manunggale
budaya asli bangsa Indonesia karo budaya Hindu. Kesenian wayang sing budayane
wis campur manunggal iki mau sing sakteruse dadi sinebab agama hindu cepet
nyebar, ngresep lan diterima ing masyarakat Indonesia.
Mulane ing jroning crita wayang iku akeh pranatane budaya
agama Hindu.Miturut kitab Sastra Centhini kasebutake mula bukane kesenian
wayang purwo kuwi cinipta karo dening Raja Jayabaya soko Kerajaan Kediri.
Kira-kira abad 10 Prabu Jayabaya hanyipta gawe gegambarane roh leluhure sing
terus ditulisake ing godong lontar. Gegambaran sing kaya mangkono mau akeh sing
ditiru soko gambarane ”relief” crita Ramayana, sing wis tinulis ing candi
penataran Blitar. Prabu Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine
Crita Ramayana mergo dewekne kuwi termasuk raja sing meyembah dewa Wishnu, sing
uga nganti sakprene karo masyarakat isih dipercaya Prabu Jayabaya dianggep panjelmaane
lan titisane Betara Wishnu.
Ing jaman sakwise, yaiku jaman
Jenggala kesenian wayang purwa kuwi disampurnakake wujude karo dening Raja
Jenggala Raden Panji Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa. Sakteruse
dadi apik lan indahe. Kocap cinarita terus wayang-wayang sing wis kawujud mau
banjur diklumpukake lan disimpen ing jeroning peti ”khusus” sing ”nyeni” indah.
Bebarengan karo kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane
dianakake setiap ana upacara-upacara penting ing istana kerajaan lan uga
didalangi dewe karo Sri Suryawisesa.
Rikala jaman Majapahit gegambarane
kesenian wayang kuwi saya luwih disampurnaake lan dadi tambah apike, amarga wis
ditambah bagian kana-kene sing disik-disikane dadi kekurangane, terus digulung
dadi siji. Wayang sing wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane
dibeber. Mulo kuwi jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang
Beber. Wiwit ono panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake
ngrambah metu soko lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat
saknjabane keraton bisa melu ndeleng keindahane pagelaran kesenian wayang
beber.
Sakbanjure nyedaki pungkasaning
jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam wis wiwit ngrambyah lan kawedhar ing
tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayang kuwi uga dienggo
”media effektif” medharake ajaran agama Islam. Kahanan kaya mangkono kuwi uga
sing dadekake kesenian wayang akeh perubahan wujud sing cukup ”signifikan”,
kanggo ngilangake gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi diharamake lan
uga kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu. Ing jaman
kuwi, wujude wayang di owah, digawe soko kulit lan balung sing wujude mung kaya
simbol-simbol supaya gegambarane menungsa dadi samar, sakteruse nganti
sakprene wujude wayang mung kaya lan dadi arupa simbol-
simbol
wewayangan panguripane menungsa.
Sumangga dipun tambahi lan nuwun sewu menawi wonten
luput klerunipun.Nuwun