Jumat, 26 Desember 2014

Kawruh Basa Jawa Babagan Wayang



SEJARAH WAYANG

Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.
Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang.
Kira-kira awalane tahun masehi, kaya sing dicritakake karo dening para ahli sejarah mau, bangsa Hindu sing asale soko jazirah India akeh pada teka dadi ”imigran” menyang Indonesia. Bareng suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki akhire iya bisa diterima karo dening penduduk asline Indonesia.
Ing sakjroning jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo kalangan bangsawan sing sakteruse banjur mempengaruhi basa asli Jawa lan Bali. Ing kene kesenian wayang karo bangsa Hindu dienggo wadah ngembangake lan wedharake budaya agama Hindu lewat crita Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe kahanan kaya mangkono kuwi sing sakbanjure ndadekake campur lan manunggale budaya asli bangsa Indonesia karo budaya Hindu. Kesenian wayang sing budayane wis campur manunggal iki mau sing sakteruse dadi sinebab agama hindu cepet nyebar, ngresep lan diterima ing masyarakat Indonesia.
Mulane ing jroning crita wayang iku akeh pranatane budaya agama Hindu.Miturut kitab Sastra Centhini kasebutake mula bukane kesenian  wayang purwo kuwi cinipta karo dening Raja Jayabaya soko Kerajaan Kediri.  Kira-kira abad 10 Prabu Jayabaya hanyipta gawe gegambarane roh leluhure sing terus ditulisake ing godong lontar. Gegambaran sing kaya mangkono mau akeh sing ditiru soko gambarane ”relief” crita Ramayana, sing wis tinulis ing candi penataran Blitar. Prabu Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine Crita Ramayana mergo dewekne kuwi termasuk raja sing meyembah dewa Wishnu, sing uga nganti sakprene karo masyarakat isih dipercaya Prabu Jayabaya dianggep panjelmaane lan titisane Betara Wishnu.
Ing jaman sakwise, yaiku jaman Jenggala kesenian wayang purwa kuwi disampurnakake wujude karo dening Raja Jenggala Raden Panji Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa.  Sakteruse dadi apik lan indahe. Kocap cinarita terus wayang-wayang sing wis kawujud mau banjur diklumpukake lan disimpen ing jeroning peti ”khusus” sing ”nyeni” indah. Bebarengan karo kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane dianakake setiap ana upacara-upacara penting ing istana kerajaan lan uga didalangi dewe karo Sri Suryawisesa.
Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang kuwi saya luwih disampurnaake lan dadi tambah apike, amarga wis ditambah bagian kana-kene sing disik-disikane dadi kekurangane, terus digulung dadi siji. Wayang sing wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane dibeber. Mulo kuwi jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang Beber. Wiwit ono panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah metu soko lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat saknjabane keraton bisa melu ndeleng keindahane pagelaran kesenian wayang beber.
Sakbanjure nyedaki pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam wis wiwit ngrambyah lan kawedhar ing tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayang kuwi uga dienggo ”media effektif” medharake ajaran agama Islam. Kahanan kaya mangkono kuwi uga sing dadekake kesenian wayang akeh perubahan wujud sing cukup ”signifikan”, kanggo ngilangake gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi diharamake lan uga kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu. Ing jaman kuwi, wujude wayang di owah, digawe soko kulit lan balung sing wujude mung kaya simbol-simbol supaya gegambarane menungsa dadi samar, sakteruse  nganti sakprene wujude wayang mung kaya lan dadi  arupa simbol- simbol wewayangan panguripane menungsa.
Sumangga dipun tambahi lan nuwun sewu menawi wonten luput klerunipun.Nuwun 

Cerita Wayang Ramayana Kanthi Lakon Sinta Kandhusta



Cerita Wayang Ramayana : Sintha Kandhusta


Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari. Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.

Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama. Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan.   Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.

Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu  bisa sempurna.  Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga. Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.

Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha,  Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi. Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi  Raja maneh ing Guwakiskendha.

Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo  ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake. Akhire, kedadean perang gedhe  Pancawati mungsuh karo Nglengka.

Wadya balane Ngalengka  wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati  Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan   Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.

Kawruh Basa Jawa



SEJARAH GAMELAN JAWA
Gamelan Jawa iku sawijining utawa corak gamelan kabudayan Jawa

Sing urip ing tlatah Yogyakarta uga Jawa Tengah lan sabageyan Jawa Wetan. Gamelan saged dingge ngiringgi mawarni-warni Kesenian Tradisional kayata dingge ngiringi Pagelaran Wayang, Kethoprak, Jathilan lan kesenian tradisional liyanipun. Musik Gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka dhaerah liya, yen musik gamelan Jawa lumrahenduwe nada luwih lembut, lembut lan nganggo laya luwih alon, beda karo musik Gamelan Bali ingkang layane luwih cepet, uga musik gamelan sundha ingkang rasa musikke “nglaras” banget (mendayu-dayu) lan didominasi swara suling.
Gamelan Jawa iku ndue nada-nada pentatonis. Gamelan Jawa iku nduweni 2 laras yaiku: Laras Slendro lan Laras pelog, Laras Slendro nduweni urutan nada-nada 123567, menawi Laras Pelog nduweni nada-nada 123456. Gamelan Jawa ndue aturan-aturang ingkang wis pakem, antarane katata saka pirang-pirang rambahan utawa puteran utawa pathet utawa jero cetheking swara, uga ana aturan sampek utawa cepet rendhete laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan Gongan lan melodine wis diatur nig bageyang-bageyan sing saben-saben ketata saka 4 nada (gatra). Saben-saben piranti ndue fungsi dewe-dewe sing nuntun swara yaiku rebab, sing nunutn irama diarani kendhang.
Arane pemain sing nabuh gamelan iku diarani pengrawit, panayagan utawa nayagautama wiyogo, sing nembang priya diarani wira-swara, sing wanita arane pesinden utawa swarawati. Wonten ing jaman modern iki, Gamelan menika kadang kala mboten dados remenipun para mudha. Kathah para mudha ingkang mboten mangertos babagan gamelan amargi para mudha wonten ing kasunyatan luwih kulina weruh utawa nyekel alat musik modern kayata Gitar, Bass, Piano, Drum, Biola lan sakpanunggalanipun, tinimbang nyekel utawa main alat musik Gamelan. Para mudha mboten gumyak pengen bisa maen Gamelan, mbokmenawi Gamelan ing pikiran paramudha yaiku alat musik ingkang ndadekke deweke katrok, cupu, lan ketinggalan jaman. Sedaya iku kleru Gaemlan iku salahsetunggal alat musik ingkang kedhah diremeni uga dimangerteni tumrap sedaya tiyang, Gamelan iku alat musik khas Jawa uga warisan budaya Indonesia.
Tumrap para mudha kedah njaga gamelan caranipun inggih punika nyinauni lan mboten nduwe pepanggih menawi Gamelan iku alat musik sing namung dimainke tiyang tua. Mboh kenging menapa Gamelan mboten dadi tresnane para mudha, apa amarga maenke Gamelan angel lang njlimet, sedaya iku butuh usaha lan kemauan. Menawi kita sampun usaha temenan pengen maenke Gamelan, kita bakal bisa.
Ing jaman saiki? Kenapa mboten? Menawi ing Daerah istimewa Yogyakarta, sekolah-sekolah saka SD-SMP-SMA-SMK mangarsani alat musik tradisional inggih punika Gamelan. Mboten namun alat musik modern kemawon ingkang diajarken Bapak Ibu Guru. Saka mriku para siswa uga angsal ilmu saka alat musik Gamelan lan suwe-suwe para siswa bakal tresna marang Gamelan. Menawa mboten nggih kita tumrap para muda nggih saged mara wonten ing Sanggar-Sanggar karawitan wonten ing Yogyakarta, ten Kulon Progo nggih wonten kayata Sanggar Singklon sing nduwe Pak Jaka.
Aja nganti alat musik Gamelan ical saking pikirane para mudha lan sedaya tiyang Indonesia, kita mboten ampun kegiles karo alat musik modern ing jaman sakniki. Kita kedhah bangga marang Gamelan land kedhah ngelestarikaken Gamelan. Aja nganti negara liya ngrebut alat musik gamelan. Kita kedhah matenken menawi Gamelan iku warisan nenenk moyang Indonesia, kula kadah pemanggih menawi gamelan saged diakui wonten ing Mancaegara. Iki lho Kabudayan Indonesia mliginipun kabudayan Jawa?

Sumber : http://royadhitama.wordpress.com/2013/11/23/artikel-bahasa-jawa-gamelan-jawa-kabudayan-jawa-dening-royadhitama/

Pacelathon Piwulangan



PAHLAWAN PROKLAMATOR
(Pacelathon)

Tantri : “Eh, kelompoke dhewe durung nggarap tugas basa Jawa, hlo”
Eni       : “Iya, terus piye? Apike saiki golek sapa tokoh pahlawan sing bakal dicritakake ing      riwayate.”
Rizki    : “Aku setuju karo usulmu, En. Yen manut aku, apike nyritakake riwayate pahlawan Ki Hajar Dewantara.”
Dimas  : “Wah, yen miturutku apike Pahlawan Proklamator wae piye?”
Eni       : “Aku setuju, Dim.”
Tantri   : “Aku ya setuju.”
Rizki    : “Yo, wis, aku anut. Nanging kita kudu ngerti dhisik, sapa ta Pahlawan Proklamator iku.”
Dimas  : “Miturut pelajaran sejarah, sing diarani Pahlawan Proklamator yaiku Ir. Soekarno lan Muhammad Hatta. Coba, Tan, wacanen bab Pahlawan Proklamator ing buku iki.”
Tantri   : “Ya, kene takwacane, ning mengko gentian Eni, ya!. Ir. Soekarno sing uga misuwur Bung Karno iku presidhen Indonesia kang kapisan. Panjenengane salah sijine pahlawan Indonesia. Panjenengane miyos rikala tanggal 6 Juni 1901 ing kutha Surabaya.”
            “Wis, enya bacutke, En.”
Eni       : “Wiwit timur Bung Karno wis berjuwang nglawan Walanda. Ing taun 1927 Bung Karno karo kanca-kancane, yaiku dr. Cipta Mangunkusuma, Mr. Sunarjo, lan Mr. Iskaq Cokrohadisuryo ngedegake pakumpulan PNI. Marga kekendelane Bung Karno nglawan Walanda, Bung Karno nate diasingake menyang Ende lan Bengkulu. Ing tanggal 17 Agustus 1945 Bung Karno karo Bung Hatta mroklamasekake kamardikane negara Indonesia. Sabanjure, Bung Karno diangkat dadi Presidhen Indonesia sing kapisan. Bung Karno seda tanggal 21 Juni 1970 lan disarekake ing Blitar.”
Dimas  : “ Wis,  ayo enggal ditulis riwayate Bung Karno nganggo basa krama.”
Rizki, Tantri, Eni : “Ayo!”
(Kulina Basa Jawa VII)

Sumber : Modul Pembelajaran Bahasa Jawa SMP/MTs kelas VII